1 Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh iku, banjur minggah ing gunung lan sawise lenggah, para sakabate padha ngadhep ing ngarsane.
2 Tumuli Gusti Yesus medhar pangandika, paring piwulang, pangandikane:
3 “Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga.
4 Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.
5 Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal padha tampa warisan bumi.
6 Rahayu wong kang kaluwen lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan.
7 Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.
8 Rahayu wong kang resik atine, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.
9 Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah.
10 Rahayu wong kang dikaniaya marga saka kayekten, awit iku kang padha nduweni Kratoning Swarga.
11 Rahayu kowe, manawa marga saka Aku kowe diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah.
12 Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhe ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggone wong-wong padha nganiaya para nabi sadurunge kowe.”
13 “Kowe iku padha dadi uyahing bumi. Lah yen uyah iku ilang asine, apa kang kanggo mulihake asine? Wis ora ana gunane maneh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong.
14 Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan.
15 Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh.
16 Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”
17 “Kowe aja padha duwe pangira, yen tekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabe para nabi. TekaKu ora nyuwak, nanging malah nindakake.
18 Awit satemene pituturKu marang Kowe: Nganti sirnane langit lan bumi iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot utawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon.
19 Mulane sing sapa ngorakake salah sawijining pepakon iki, sanadyan kang cilik dhewe, sarta memulang mangkono marang wong, iku bakal oleh papan kang asor dhewe ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakake lan mulangake kabeh pepakoning Toret, iku bakal oleh papan kang dhuwur ana ing Kratoning Swarga.
20 Mulane pituturKu marang kowe: Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu Kratoning Swarga.”
21 “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha kaparingan pangandika mangkene: Sira aja memateni, sing sapa memateni kudu diukum.
22 Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure: kapir, kudu diukum dening pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake; gemblung, mesthi kacemplungake ing naraka murub.
23 Mulane manawa kowe nggawa pisungusng menyang misbyah, mangka banjur kelingan yen sadulurmu lagi sengit karo kowe,
24 pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepe misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawuse banjur balia, nyaosna pisungsungmu.
25 Endang rukuna karo lelawananmu nalika lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan, supaya kowe aja nganti diladekake dening lelawananmu mau marang jaksa, jaksa banjur masrahake kowe marang pambantune, temahan kowe dilebokake ing pakunjaran.
26 Satemene pituturKu marang kowe: kowe ora bakal metu saka ing kono, sadurunge kowe nyaur utangmu nganti sah.”
27 “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Sira aja laku jina!
28 Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduweni krenteg marang dheweke, iku wus laku jina sajroning atine.
29 Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.
30 Lan maneh manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.
31 Uga ana pangandika mangkene: Sing sapa megat bojone, kudu menehi layang pegat.
32 Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”
33 “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha tampa pangandika mangkene: Aja nglairake sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangeran.
34 Nanging Aku malah pitutur marang kowe: Aja supata babar pisan, dadia demi swarga, awit iku dhamparing Allah,
35 dadia demi bumi, awit iku ancik-anciking sampeyane, dadia demi Yerusalem, awit iku kuthane Sang Nata Agung.
36 Iya aja supata demi sirahmu, awit kowe ora bisa mutihake utawa ngirengake rambutmu saele bae.
37 Yen iya, kandhaa: iya, yen ora, kandhaa: ora. Saluwihe saka iku, asale saka pangawak dursila.”
38 “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Mripat winales mripat, untu winales untu.
39 Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.
40 Lan manawa ana wong kang arep prakaran karo kowe, sedyane ngepek klambimu, jubahmu pasrahna pisan.
41 Apadene manawa kowe dipeksa dikon ngiringake lakune wong samil, iringna nganti rong mil.
42 Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”
43 “Kowe iya wus padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira!
44 Nanging aku malah pitutur marang kowe: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna slamet,
45 supaya kowe padha katitika, yen dadi putrane Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekake srengenge marang wong ala lan wong becik, sarta nurunake udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.
46 Dene manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya tumindak mangkono, ta?
47 Lan manawa kowe aweh salam mung marang sadulur-sadulurmu bare, kaluwihanmu apa? Wong kapir rak ya tumindak mangkono, ta?