1 Ing nalika samana, mbeneri dina Sabat, Gusti Yesus tindak nglangkungi paganduman. Sakabate padha luwe, mulane banjur padha nyethuti wewulen sarta dipangan.
2 Wong Farisi bareng weruh, padha munjuk marang Gusti Yesus: “Lah sakabat Panjenengan, sami nindakaken ingkang boten dipun parengaken ing dinten Sabat.”
3 Nanging Gusti Yesus ngadika marang wong-wong mau: “Apa kowe ora maca bab tumindake Senapati Dawud dalah para pandhereke nalika padha kaluwen?
4 Bab anggone banjur padha lumebu ing Padalemaning Allah lan anggone padha mangan roti cecaosan, kang pancene ora kena kapangan dening Dawud utawa dening pandhereke, kajaba dening para imam?
5 Mangkono uga apa kowe ora maca ing Toret, yen ing dina Sabat para imam padha nerak pranataning Sabat ana ing Padaleman Suci, ora padha kaluputan?
6 Aku pitutur marang kowe: Ing kene ana kang ngluwihi Padaleman Suci.
7 Manawa kowe pancen mangreti isining pangandika: Kang Sunkarsakake iku kawelasan, dudu kurban, mesthi kowe ora ngukum wong kang ora kaluputan.
8 Amarga Putraning Manungsa iku iya Gustine dina Sabat.”
9 Sawise tindak saka ing kono, Gusti Yesus banjur lumebet ing papan pangibadahe wong-wong mau.
10 Ing kono ana wong kang ceko tangane sasisih. Wong-wong banjur padha matur marang Panjenengane: “Ing dinten Sabat punapa dipun parengaken nyarasaken tiyang?” Karepe supaya bisa ngluputake Panjenengane.
11 Nanging padha dipangandikani mangkene: “Manawa panunggalanmu duwe wedhus siji, mangka wedhuse iku kacemplung ing luwangan pinuju dina Sabat, apa ora banjur dicekel lan dientasake?
12 Apa ajine manungsa iku ora ngungkuli wedhus banget? Mulane kalilan bae nindakake kabecikan ing dina Sabat.”
13 Banjur dhawuh marang kang ceko mau: “Tanganmu athungna.” Tumuli diathungake temah dadi waras pulih kaya tangan sijine.
14 Wong-wong Farisi banjur padha metu sarta ngrantam bab anggone bakal nyedani Gusti Yesus.
15 Nanging sarehne Gusti Yesus ora kekilapan bab iku, banjur tedhak saka ing kono. Akeh wong kang padha ndherekake, dene kang lara padha diwarasake kabeh.
16 Nanging padha ora diparengake nyuwurake Asmane,
17 supaya kalakona pangandika kang dilantarake dening Nabi Yesaya:
18 “Lah iku AbdiningSun, pilihaningSun, kekasihingSun, kang ndadekake keparenging galihingSun,bakal Sunparingi RohingSun,sarta bakal ngundhangake pangadilan marang sakabehing bangsa.
19 Panjenengane ora bakal nganakake padudon lan ora bakal alok-alok.Swarane bakal ora keprungu ing wong ana ing lurung-lurung.
20 Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan uceng-uceng kang urube melik-melik ora dipateninganti Panjenengane wis ndadekake menange kabeneran.
21 Apadene iya Panjenengane iku kang dadi pangarep-areping bangsa-bangsa.”
22 Sawise iku banjur ana wong kang kasurupan, tur picak lan bisu, disowanake menyang ngarsane, nuli diwarasake dening Gusti Yesus, satemah kang picak lan bisu mau banjur bisa guneman lan ndeleng.
23 Wong-wong kabeh padha kaeraman sarta padha calathu: “Panjenengane iku kira-kira tedhake Sang Prabu Dawud.”
24 Nanging bareng para wong Farisi padha krungu banjur ngucap mangkene: “Anggone nundhungi dhemit iku marga nganggo jenenge Beelzebul, panggedhening setan.”
25 Sarehne Gusti Yesus mirsa pikirane wong-wong mau, banjur padha dipangandikani: “Saben krajan, kang rakyate padha dredah, iku mesthi rusak. Lan saben kutha utawa omah kang wonge padha dredah iku ora bisa lestari.
26 Manawa Iblis nundhung Iblis, iku dadi dredah karo awake dhewe; manawa mangkono krajane bisane lestari kapriye?
27 Dadine yen Aku nundhungi dhemit nganggo jenenge Beelzebul, lah nganggo jenenge sapa yen anak-anakmu nundhung? Mulane anak-anakmu iku kang bakal padha ngadili kowe.
28 Nanging manawa anggonKu nundhungi dhemit iku kanthi panguwasane Rohing Allah, satemene Kratoning Allah wus nekani kowe.
29 Utawa kapriye bisane wong lumebu ing omahe wong kang rosa lan njarah rayah barang darbeke, yen wong sing rosa iku ora dibanda dhisik? Manawa uwis, lagi bisa ngrampog omah mau.
30 Sing sapa ora ngrujuki marang Aku, iku nglawan marang Aku, lan sing sapa ora nglawan marang Aku, lan sing sapa ora melu ngumpulake karo Aku, iku mbuyarake.
31 Mulane Aku pitutur marang kowe: Sakabehing dosa lan panyenyamahing wong bakal kaapura, nanging panyenyamah marang Roh Suci iku bakal ora diapura.
32 Yen ana wong madoni Putraning Manungsa, iku bakal kaapura, nanging manawa madoni Sang Roh Suci, iku bakal ora kaapura, dadia jaman saiki, dadia ing jaman besuk.
33 Manawa uwite becik. wohe iya becik; manawa uwite ora becik, wohe iya ora becik. Amarga ketitiking wit iku marga saka wohe.
34 Heh, tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa ngucapake barang-barang kang becik, lah wong kowe dhewe ala? Sabab apa kang kaucapake ing cangkem iku saka bludaging ati.
35 Wong becik iku metokake barang-barang kang becik saka simpenane kang becik lan wong ala metokake barang-barang kang ala saka simpenane kang ala.
36 Nanging Aku pitutur marang kowe: Saben tembung kang tanpa guna, kang diucapake dening wong, iku besuk ing dina pangadilan mesthi kudu kapratelakake tanggung jawabe.
37 Awit anggonmu bakal kabenerake iku adhedhasar tembungmu lan anggonmu bakal kapatrapan paukuman iku iya adhedhasar tembungmu.”
38 Nalika samana ana ahli Toret lan wong Farisi sawatara, kang padha matur:“Guru, kula sami kapengin sumerep pratandha saking Panjenengane.”
39 Nanging paring wangsulane: “Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.
40 Awit padha kaya Yunus anggone ana ing wetenge iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jerone telenging bumi telung dina telung bengi.
41 Besuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwe bakal tangi bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki. Sabab wong-wong Niniwe iku sawise ngrungokake piwulange Yunus, banjur padha mratobat, lan mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Yunus.
42 Besuk ing wektu pangadilan, Sang Raja Putri saka ing tanah kidul bakal kawungokake bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki, awit rawuhe saka pungakasaning bumi, banjur mirengake bab kawicaksanane Sang Prabu Suleman, lah mangka ing kene ana kang ngungkuli Sang Prabu Suleman.”
43 “Mungguh dhemit iku manawa wus metu saka ing wong, banjur nglembara golek palereman menyang papan-papan kang garing suwung. Nanging ora oleh.
44 Tumuli ngucap mangkene: Aku dakbali menyang omah sing daktinggal kae. Banjur bali, omahe tinemu suwung, wis resik kasaponan lan katata becik.
45 Dhemit mau banjur lunga ngajak dhemit pepitu liyane kang luwih ala katimbang dheweke, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alane ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadeane jinis kang ala iki.”
46 Nalika Gusti Yesus lagi ngandika marang wong akeh iku, ingkang ibu lan sadherek-sadhereke padha ana ing jaba, ngarah ketemu karo Panjenengane.
47 Banjur ana kang munjuk marang Gusti Yesus: “Lah punika ingkang ibu tuwin sadherek-sadherek Panjenengan sami wonten jawi saha ngangkah sagedipun kapanggih kaliyan Panjenengan.”
48 Nanging kang munjuk diparingi wangsulan mangkene: “IbuKu sapa, lan sadulur-sadulurKu sapa?”
49 Banjur mulungake astane marang para sakabate sarta ngandika: “Iki ibuKu lan sadulur-sadulurKu!”
50 Sabab sing sapa nglakoni karsane RamaKu kang ana ing swarga, yaiku sadulurKu lanang utawa wadon lan ibuKu.”