1 Ing dina iku Gusti Yesus miyos saka ing omah mau lan banjur lenggah ing pinggir sagara.
2 Tumuli ana wong akeh padha gumrudug sowan lan ngrubung Panjenengane, mulane Gusti banjur minggah ing prau lan lenggah ing kono, dene wong akeh mau padha ngadeg ana ing gegisik.
3 Banjur padha dipangandikani prakara pirang-pirang kanthi pasemon, dhawuhe: “Ana juru nyebar wiji metu arep nyebar wiji.
4 Sajrone nyebar iku ana kang tumiba ing pinggir dalan, banjur ana manuk kang padha teka, nucuki.
5 Ana kang tumiba ing padhasan, kang ora akeh lemahe. Wiji mau enggal thukul, amarga lemahe tipis.
6 Nanging bareng srengenge wis saya dhuwur, banjur alum, wekasan dadi garing, sabab ora ana oyode.
7 Ana maneh kang tumiba ing eren. Bareng eri-erine saya gedhe, wijine kalindhih temahan mati.
8 Lan ana maneh kang tumiba ing lemah becik; iku banjur metu wohe, ana kang tikel satus, ana kang tikel sawidak lan ana kang tikel telung puluh.
9 Sapa kang duwe kuping ngrungokna.”
10 Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Punapa sababipun, dene anggen Paduka ngandika dhateng tiyang-tiyang punika kok mawi pasemon?”
11 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha kaparingan kamurahan diparengake nyumurupi wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan.
12 Amarga sapa kang duwe, iku bakal kaparingan, malah nganti luber, nanging sing sapa ora duwe, apa bae kang kaduwe, bakal dipundhut.
13 Iya iku sababe anggonKu calathu marang wong-wong iku kanthi pasemon, awit sanadyan mripate padha ndeleng, nanging ora weruh, lan sanadyan padha krungu, nanging padha ora ngreti.
14 Mulane wong-wong iku kang padha dadi kanyataane pamecane Nabi Yesaya, surasane:Sira bakal krungu lan krungu, nanging ora mangreti,sira bakal ndeleng lan ndeleng, nanging ora sumurup.
15 Amarga atine bangsa iki dableg lan kupinge jampengsarta mripate dieremake,supaya aja padha ndeleng kalawan mripatelan krungu kalawan kupingesarta atune bisa mangretibanjur mratobat, temahan Sunwarasake.
16 Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu.
17 Awit Aku pitutur satemene marang kowe: Akeh para nabi lan wong mursid kang padha kapengin ndeleng apa kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon ndeleng, lan padha kapengin krungu apa kang kokrungu, nanging ora kalakon krungu.
18 Mulane rungokna maknane pasemon bab juru nyebar iku.
19 Manawa ana wong kang krungu pangandika bab Kratoning Swarga, mangka ora mangreti, banjur si pangawak dursila teka ngrebut apa kang kasebar ing atine; yaiku wiji kang kasebar ing pinggir dalan.
20 Dene wiji kang kasebar ing padhasan, yaiku wong kang ngrungokake pangandika sarta enggal-enggal nampani pangandika mau kanthi bungah,
21 nanging ora ana oyode ing batine, dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiya nyiya utawa panganiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur enggal murtad.
22 Sabanjure kang kasebar ing eren, yaiku wong kang ngrungokake pangandika, banjur sumelanging donya lan daya pamblithuking kasugihan padha ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.
23 Nanging kang kasebar ing lemah becik iya iku wong kang ngrungokake pangandika lan mangreti, mulane iya banjur metu wohe, ana sing tikel satus, ana sing tikel sawidak, ana sing tikel telung puluh.”
24 Ana maneh pasemon, kang digelarake marang wong-wong mau, pangandikane: “Kratoning Swarga iku umpamane kaya wong kang nyebar wiji becik ing pategalane.
25 Nanging nalika wong-wong padha turu kabeh, satrune teka nyebar wiji alang-alang ing tengahe gandum banjur lunga.
26 Bareng gandume thukul lan wiwit metu wewulene, alang-alange iya kathon.
27 Batur-bature sing duwe pategalan padha marani lurahe lan matur: Bandara, punapa sanes wiji sae ingkang panjenengan sebar ing pategilan panjenengan? Saking pundi kambengan punika?
28 Wangsulane lurahe: Iku panggawene satru. Batur-bature matur maneh: Punapa panjenengan ngersakaken, supados kula sami mbedholi kambengan punika?
29 Nanging wangsulane: Aja, sabab anggonmu padha mbedholi alang-alang iku, bisa uga ngatutake gandume.
30 Cikben padha thukul bebarengan nganti mangsane panen. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alange lan bentelana, banjur obongen, sawise iku gandume klumpukna ing lumbungku.”
31 Ana maneh pasemon kang digelarake marang wong-wong mau, pangandikane: “Kratoning Swarga iku upamane kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar dening wong ana ing pategalane.
32 Padha-padha wiji, wiji sawi iku pancen cilik dhewe, nanging yen wis thukul, gedhene ngluwihi janganan liya-liyane, malah banjur dadi wit-witan, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono lan nusuk ing pang-pange.”
33 Pasemon iki uga didhawuhake marang wong-wong mau: “Kratoning Swarga iku upamane kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubake ing glepung trigu telung taker nganti kemrasukan kabeh.”
34 Sakehe prakara iku mau kabeh didhawuhake dening Gusti Yesus marang wong akeh kanthi pasemon lan ora ana kang dipangandikakake kang ora dhapur pasemon,
35 supaya keyektenana kang kapangandikakake dening nabi mangkene:“Ingsun bakal ngangapake tutukingSunlan mangandikakake pasemon.Ingsun bakal ngucapake prakara kang kinekerwiwit dumadining jagad.”
36 Gusti Yesus banjur nilar wong akeh mau sarta banjur kondur. Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Kawula mugi sami kaparingana katrangan bab pasemon kambengan ing satengahing gandum punika.”
37 Gusti Yesus banjur maringi wangsulan, pangandikane: “Wong kang nyebar wiji becik iku Putraning Manungsa.
38 Pategalan iku jagad. Wiji kang becik iku para putraning Kraton lang alang-alange iku para anake si pangawak dursila.
39 Satru kang nyebar wiji alang-alang iku Iblis. Wektu panen iku wekasaning jaman lan kang padha derep iku malaekat.
40 Kang iku kayadene alang-alang banjur kaklumpukake lan kaobong ing geni, mangkono uga ing wekasaning jaman,
41 Putraning Manungsa bakal ngutus para malaekate kadhawuhan nglumpukake samubarang kabeh kang dadi sandhungan lan sakabehing wong kang nglakoni duraka ana ing Kratone,
42 padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.
43 Ing nalika iku para wong sampurna bakal padha mancorong kaya srengenge ana ing Kratone Ramane. Wong kang duwe kuping, ngrungokna.”
44 “Kratoning Swarga iku umpamane kaya raja-brana kang kapendhem ing pategalan, kang katemu dening wong banjur dipendhem maneh. Marga saka bungahe, dheweke banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, petegalan mau tumuli dituku.
45 Mangkono maneh Kratoning Swarga iku umpanane kayadene wong dagang kang golek mutyara kang adi.
46 Bareng wis oleh mutyara kang banget ajine, banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, mutyara mau nuli dituku.”
47 “Karodene maneh Kratoning Swarga iku upamane kaya krakad kang ditibakake ing sagara, banjur ngumpulake iwak warna-warna.
48 Bareng wis kebak banjur digered mentas menyang ing gegisik, wonge tumuli padha linggih milihi iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi, dene iwak kang ora becik dibuwang.
49 Iya kaya mangkono kaanane besuk ing wekasaning jaman. Malaekat-malaekat bakal padha teka misahake para wong kang ala saka tengahe para wong mursid,
50 padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu.
51 Kowe apa padha mangreti iku mau kabeh?” Atur wangsulane para sakabat: “Inggih, Gusti.”
52 Gusti Yesus banjur ngandika: “Mulane saben ahli Toret kang nampani piwulang bab Kratoning Swarga iku upamane kaya wong kang duwe omah, kang metokake barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenane.”
53 Sawise rampung anggone paring pasemon-pasemon mau, Gusti Yesus banjur tindak saka ing kono.
54 Sarawuhe ing kutha asale, wong-wong ing kono padha diparingi piwulang ana ing papan pangibadahe. Wong-wong mau padha kaeraman, pangucape: “Wong iku olehe kawicaksanan lan panguwasa nindakake mukjijat saka ing ngendi?
55 Apa iku dudu anake tukang kayu? Embokne jenenge rak Maryam, lan sadulure Yakobus, Yusuf, Simon lan Yudas?
56 Lan sadulur-sadulure wadon rak padha ana ing kene kabeh? Dadi olehe iku kabeh saka ing ngendi?”
57 Wong-wong mau temahan padha kesandhung ing bab Panjenangane. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kang jenenge nabi iku ana ing ngendi-endi kajen, kajaba ana ing papan asale lan ing omahe dhewe.”
58 Mulane Panjenengane ora nindakake mukjijat akeh ana ing kono, jalaran saka anggone padha ora pracaya iku.