Mateus 9 JAV

Wong lumpuh kawarasake

9:1-8

1 Gusti Yesus tumuli minggah ing prau banjur nyabrang lan rawuh ing kutha palerebane.

2 Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanake menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”

3 Lah tumuli ana ahli Toret sawatara sing padha ngunandika: “Wong iku nyenyamah Gusti Allah.”

4 Nanging Gusti Yesus mirsa kang dadi panggraitane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Yagene kowe padha duwe panggraita kang ala ana ing atimu?

5 Gampang endi kandha: Dosamu wus diapura, karo kandha: Ngadega lan lumakua?

6 Nanging supaya kowe padha sumurup, yen Putraning Manungsa duwe panguwasa ngapura dosa ana ing bumi iki,” -- banjur ngandika marang kang lumpuh --: “Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!”

7 Wonge iya banjur ngadeg lan mulih.

8 Wong akeh bareng padha ndeleng bab iku, padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, kang wus paring panguwasa nganti samono marang manungsa.

Gusti nimbali Mateus, juru-mupu-beya

9:9-13

9 Bareng Gusti Yesus nglajengake tindake, banjur mirsa wong kang jenenge Mateus linggih ing pabeyan, iku nuli dipangandikani: “Melua Aku!” Mateus banjur ngadeg lan ndherekake Panjenengane.

10 Kacarita nalika Gusti Yesus lenggah dhahar ana ing omahe, ana juru-mupu-beya akeh lan wong-wong dosa kang padha teka ndherek dhahar kalawan Gusti Yesus dalasan para sakabate.

11 Bareng para wong Farisi weruh kang mangkono iku, banjur kandha marang para sakabate: “Yagene gurumu kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”

12 Gusti Yesus mireng, nuli ngandika: “Wong waras iku ora butuh dhukun, sing butuh iku wong sing lara.

13 Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”

Bab pasa

9:14-17

14 Kacarira para sakabate Nabi Yokanan padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus, lan munjuk: “Kawula kaliyan tiyang Farisi sami netepi siyam, nanging para sakabat Paduka kok boten?”

15 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa para mitrane temanten lanang bisa susah sajroning temantene isih ana? Nanging bakal ana wektune, temanten iku kapethal saka ing antarane, ing kono bakal padha pasa.

16 Lan uga ora ana wong nambal sandhangan lawas nganggo suwekan anyar, awit tambalane iku bakal nyuwekake sandhangan mau, temahan malah saya amba amohe.

17 Mangkono anggur kang anyar iku iya ora diwadhahi ing impes kang lawas, amarga yen mangkono impese mesthi bedhah, anggure banjur wutah impese rusak. Nanging anggur kang anyar iku diwadhahi ing impes anyar, dadi loro-lorone tetep kanggo ing gawe.”

Wong wadon lara nggrajag getih kawarasake lan bocah mati kauripake maneh

9:18-26

18 Sajrone Gusti Yesus ngandika mangkono iku, nuli ana lelurahing papan pangibadah kang sowan lan matur: “Anak kawula estri saweg kemawon tilar donya ewasamanten Paduka mugi karsaa rawuh saha numpangi asta, tamtu badhe gesang malih.”

19 Gusti Yesus banjur jumeneng sarta tedhak bebarengan karo lurah mau kanthi para sakabate.

20 Nalika iku ana wong wadon kang lara nggrajag getih wus rolas tahun lawase, kang nyedhaki Gusti Yesus saka ing buri lan demek gombyoking jubahe.

21 Amarga duwe osik mangkene: “Angger aku bisa ndemek jubahe, mesthi waras.”

22 Nanging Gusti Yesus banjur minger, mirsani wong wadon iku mau sarta ngandika: “Dienak atimu, ngger, pangandelmu kang marasake kowe.” Wiwit ing nalika iku wong wadon mau dadi waras.

23 Bareng Gusti Yesus rawuh ing omahe lelurah mau, sarta mirsa penyuling lan wong akeh kang padha ribut,

24 banjur ngandika: “Wis, padha sumingkira; bocahe ora mati, mung lagi turu.” Nanging wong-wong padha nggeguyu Panjenengane.

25 Sawise wong akeh iku padha sumingkir, Gusti Yesus nuli lumebet sarta ngasta tangane si bocah. Bocahe banjur tangi.

26 Pawartane lelakon iku banjur sumebar ing satanah kono kabeh.

Wong wuta lan wong bisu kasurupan dhemit kawarasake

9:27-34

27 Nalika Gusti Yesus nglajengake tindake saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi lan nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi.”

28 Bareng Gusti Yesus wus lumebet ing dalem, wong wuta mau padha ngadhep ing ngarsane, tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Apa kowe padha ngandel yen Aku bisa nindakake mangkono?” Atur wangsulane: “Inggih, Gusti kawula sami pitados.”

29 Banjur padha didumuki mripate sarta dipangandikani: “Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.”

30 Mripate banjur kaelekake. Banjur padha diwanti-wanti: “Poma, aja nganti bab iki kaweruhan ing wong.”

31 Ewasemono saundure tumuli padha nyuwurake Panjenengane ana ing sawratane tanah kono kabeh.

32 Saundure wong-wong mau banjur ana wong bisu kapanjingan dhemit kang disowanake ing ngarsane.

33 Bareng dhemite wus ditundhung, kang bisu mau bisa caturan. Wong-wong padha kaeraman kabeh, pangucape: “Kang kaya mangkono iku durung tau kalakon ana ing tanah Israel.”

34 Nanging ujare para wong Farisi: “Anggone nundhungi dhemit iku kanthi panguwasane panggedhening para dhemit.”

Pasemon panen lan wong derep

9:35-38

35 Gusti Yesus tumuli tindak njajah kutha lan desa, paring piwulang ana ing papan-papan pangibadah sarta nggelarake Injil Kratoning Allah, apadene nyarasake sakabehing lelara lan memala.

36 Mirsa wong akeh iku, trenyuh banget panggalihe marga saka welas; awit wong-wong mau padha katon sayah lan ora kopen kaya wedhus kang ora ana pangone.

37 Banjur ngandika marang para sakabate: “Panene gedhe, nanging kang derep mung sathithik.

38 Mulane padha nyuwuna marang Kang Kangungan panen, supaya karsaa maringi wong derep kanggo panenane iku.”

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 26 27 28