1 Sawise iku Gusti Yesus banjur miyos saka ing Padaleman Suci lan tindak saka ing kono. Para sakabate tumuli padha nyelaki Panjenengane, diaturi mirsani yeyasan-yeyasaning Padaleman Suci.
2 Banjur padha dipangandikani: “Apa kowe padha ndeleng iku kabeh? Satemene Aku pitutur marang kowe, bakale ing kene ora ana watu siji bae kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal dijugrugi.”
3 Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun, para sakabat padha ngadhep ing ngarsane piyambakan lan matur: “Guru, mugi karsaa paring sumerep dhateng kawula sadaya, benjing punapa badhe kalampahanipun punika, sarta punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?”
4 Paring wangsulane Gusti: “Padha diawas, aja nganti kowe disasarake ing wong!
5 Amarga akeh wong kang bakal teka nganggo jenengKu lan calathu: Aku iki Sang Kristua, sarta bakal nasarake wong akeh.
6 Kowe bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kaget, sabab iki kudu kalakon, ewadene iku durung wekasane.
7 Sabab bangsa bakal nglawan bangsa, krajan nglawan krajan. Bakal ana pailan lan lindhu ing pirang-pirang panggonan.
8 Nanging iku kabeh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepake jaman anyar.
9 Ing nalika iku kowe bakal dipasrahake supaya disiksa lan kowe bakal dipateni sarta bakal disengiti dening sakabehing bangsa marga saka jenengKu.
10 Ing kono bakal akeh wong kang murtad sarta padha ulung-ingulungake lan sengit-sinengitan.
11 Lan maneh bakal akeh nabi palsu kang muncul lan nasarake wong pirang-pirang.
12 Apamaneh marga saka saya wuwuhe duraka, temahan wong kang akeh-akeh padha suda katresnane.
13 Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal rahayu.
14 Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakake ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabehing bangsa. Sawise iku lagi dina wekasan.”
15 “Anadene manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambeksiya ngadeg ana ing papan suci, miturut pangandikane kang kadhawuhake lumantar Nabi Dhaniel -- sing sapa maca migatekna --
16 wong-wong ing Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan.
17 Wong kang lagi ana ing payon aja mudhun njupuk barang-barang saka ing omahe.
18 lan wong sing lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangane.
19 Mesakake banget wong kang lagi ngandheg lan kang lagi nusoni ing wektu iku.
20 Nyenyuwuna, supaya anggonmu padha ngungsi aja pinuju mangsa padhidhing lan aja mbeneri dina Sabat.
21 Amarga ing wektu iku bakal kalakone panganiaya kang nggegirisi, kang durung tau kalakon wiwit ing wiwitaning jagad nganti saprene lan kang bakal ora kalakon maneh.
22 Saupama wektune ora dicendhakake, sakabehing kang urip iki ora ana kang slamet, nanging marga saka anane wong-wong kang pinilih, wektu iku bakal dicendhakake.
23 Ing wektu iku, manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen Kristus ana ing kene, utawa Kristus ana ing kana, aja padha ngandel.
24 Sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakake tandha-tandha kang nggegirisi lan mukjijat-mukjijat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasarake para wong pilihan uga.
25 Eling-elingen, Aku wis ngandhani kowe bab iku mau sadurunge kalakon.
26 Mulane yen ana wong kandha marang kowe: Panjenengane ana ing ara-ara samun, kowe aja mrana. Utawa: Panjenengane ana ing kamar, aja ngandel.
27 Sabab kayadene cumlereting kilat saka ing wetan sumunar tumeka ing kulon, iya mangkono iku besuk bakal rawuhe Putraning Manungsa.
28 Ing ngendi ana bathang, ing kono panggonane manuk garudha padha gegrombolan.”
29 “Sawise sangsara ing mangsa iku kalakon, padha sanalika srengenge bakal dadi peteng, rembulan ora sumunar lan lintang-lintang padha tiba saka ing langit sarta pikukuhing langit bakal padha gonjang-ganjing.
30 Ing nalika iku bakal katon tandhane Putraning Manungsa ana ing langit lan sakabehing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih meganing langit, kalawan ngasta panguwasa lan kamulyan gedhe.
31 Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.
32 Padha nampanana piwulang saka wit anjir kang mangkene: Manawa pangpange memes lan wiwit semi, kowe padha ngreti, yen wis meh mangsa panas.
33 Samono uga, manawa kowe padha weruh lelakon iku mau kabeh, padha sumurupa, yen wis cedhak, wis ana ing ngarep lawang.
34 Satemene Aku pitutur marang kowe, jinis iki ora bakal sirna, sadurunge iku mau kabeh kalakon.
35 Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna pisan-pisan.
36 Mung bae, mungguh dina lan wayahe iku, ora ana wong siji-sijia kang sumurup, para malaekat ing swarga ora, Sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama piyambak.”
37 Sabab kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya mangkono besuk bakal rawuhe Putraning Manungsa.
38 Marga padha kaya dhek jaman sadurunge banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombe, omah-omah lan ngomah-omahake, nganti dina anggone Nabi Nuh lumebet ing prau,
39 lan padha ora nglegewa nganti tekane banjir kang nyirnakake wong-wong mau kabeh, mangkono uga besuk ing dina rawuhe Putraning Manungsa.
40 Ing wektu iku manawa ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katinggal.
41 Manawa ana wong wadon loro kang padha siji bakal kapulung sijine katinggal.
42 Mulane padha rumantia, amarga kowe ora ngreti dina rawuhe Gustimu.
43 Nanging iki kawruhana: Saupama kang duwe omah iku ngreti wayahe tekane maling ing wayah bengi, mesthi banjur jaga-jaga, ora bakal aweh omahe dibabah.
44 Awit saka iku, kowe uga padha rumantia. amarga rawuhe Putraning Manungsa iku ing wayah kang ora koknyana.”
45 “Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah dening bandarane nglurahi para kalerehane, kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokake?
46 Rahayu abdi kang ketemu lagi nindakake kawajibane mau, nalika bandarane rawuh.
47 Satemene Aku pitutur marang kowe, abdi mau bakal dipasrahi rumeksa barang kagungane kabeh.
48 Nanging manawa abdi iku ala lan duwe gagasan ing sajroning atine mangkene:
49 Bandaraku ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki abdi-abdi liyane, lan mangan ngombe bebarengan karo wong-wong kang seneng mendem,
50 bandarane mau nuli rawuh ing dina kang ora dinyana-nyana lan ing wayah kang ora disumurupi,
51 abdi mau bakal dipateni sarta dipadhakake karo para wong lamis. Ing kono kang bakal tinemu tangis lan keroting untu.”