Mateus 25 JAV

Pasemon bab prawan sapuluh

25:1-13

1 “Ing wektu iku Kratoning Swarga bakal kaupamakake kaya prawan sapuluh, kang mangkat methuk panganten lanang kanthi nggawa diyan.

2 Sing lima bodho, sing lima pinter.

3 Prawan-prawan sing bodho mau nggawa diyane ora nganggo nggawa lenga serepan,

4 dene prawan-prawan sing pinter, kajaba nggawa diyane, isih nggawa wadhah isi lenga.

5 Nanging sarehne pangantene nganti suwe ora teka-teka, prawan-prawan mau padha nganthuk lan banjur turu.

6 Bareng wayah tengah wengi keprungu swara wong alok-alok: Mantene teka! Padha pethuken!

7 Prawan-prawan mau padha tangi lan nata diyan-diyane.

8 Prawan-prawan sing bodho nembung marang prawan-prawan sing pinter: Bok aku wenehana lengamu sathithik bae, diyanku wis arep mati.

9 Nanging wangsulane prawan-prawan kang pinter: Aja, mengko ora sedheng kanggo aku lan kanggo kowe. Angur menyanga enggone sing dodol, tukua dhewe.

10 Nanging nalika lagi padha lunga tuku lenga, mantene teka, prawan-prawan sing wis miranti padha melu manten lumebu menyang ing pahargyan, lawange banjur dikancing.

11 Sawise mangkono prawan-prawan liyane iya teka lan matur: Bandara, bandara, kawula nyuwun kori!

12 Nanging wangsulane panganten lanang: Satemene pituturku marang kowe: Aku ora wanuh karo kowe.

13 Mulane padha meleka, awit kowe padha ora weruh dinane lan wayahe.”

Pasemon bab dhuwit talenta

25:14-30

14 “Awit bab iku kayadene wong kang arep lelungan banjur ngundangi batur-bature, padha dipasrahi barang darbeke,

15 kang siji diwenehi limang talenta, sijine rong talenta, lan sijine maneh satalenta, undha-usuk, tumuli mangkat.

16 Kang tampa limang talenta banjur lunga, dhuwite dilakokake, temah oleh bathi limang talenta.

17 Batur kang tampa rong talenta iya nindakake kang mangkono lan oleh bathi rong talenta.

18 Nanging batur kang tampa satalenta iku lunga ndhudhuk lemah gawe luwangan, dhuwite bandarane dipendhem.

19 Sawise antara lawas bandarane batur-batur mau mulih, banjur etung-etungan.

20 Kang tampa limang talenta ngaturake bebathen limang talenta, ature: Bandara, kula panjenengan cepengi gangsal talenta; lah punika kula angsal bathi inggih gangsal talenta.

21 Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindhakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.

22 Kang tampa rong talenta banjur matur: Bandara, kula panjenengan pasrahi kalih talenta; lah kula angsal bathi kalih talenta.

23 Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.

24 Wasana kang tampa satalenta uga teka lan matur: Bandara, kula sampun sumerep, bilih panjenengan punika tiyang ingkang dakwenang, dene ngeneni ingkang sanes sebaran panjenengan, saha mendheti ingkang sanes taneman panjenengan.

25 Milanipun kula ajrih, kula lajeng kesah, arta panjenengan satalenta kula pendhem ing siti. Mangga, kula aturi nampeni kagungan panjenengan!

26 Bandarane banjur mangsuli: Heh, batur kang ala lan kesed, kowe wis ngreti, yen aku ngeneni kang dudu sebaranku lan njupuk kang dudu tanduranku.

27 Mulane benere dhuwitku koktitipake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya saulihku bisa tampa dhuwit iku saanakane.

28 Mulane padha jupuken dhuwit satalenta iku, banjur wenehna kang duwe sapuluh talenta iku.

29 Sabab sing sapa duwe, bakal kaparingan, nganti luber. Nanging sing sapa ora duwe, bakal kapundhutan sabarang darbeke kabeh.

30 Anadene batur kang tanpa guna iku uncalna menyang ing pepeteng kang banget petenge. Ing kono kang ana mung tangis lan keroting untu.”

Bab pangadilan kang wekasan

25:31-46

31 “Besuk manawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyane lan sakabehing padha ndherekake, Panjenengane banjur lenggah ing dhampar kamulyan.

32 Sakehing bangsa nuli bakal kaklumpukake ana ing ngarsane lan bakal kapisah-pisah siji lan sijine, kayadene pangon anggone ndhewek-ndhewekake wedhus gembel karo wedhus jawa,

33 kang gembel dipapanake ana ing tengene, dene wedhus jawa ana ing kiwane.

34 Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad.

35 Awitdene nalika Ingsun kerapan, sira caosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira caosi ngunjuk; nalika Ingsun lelana, sira caosi palereban;

36 nalika Ingsun kelukaran, sira caosi pangageman, nalika Ingsun gerah, sira tiliki; nalika Ingsun kinunjara, sira sowani.

37 Ing kono wong-wong kang mursid iku bakal padha munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan lajeng kawula caosi dhahar, saha kasatan kawula caosi ngunjuk?

38 Kala punapa kawula sumerep Paduka lelana lajeng kawula caosi palereban, saha kelukaran kawula caosi pangageman?

39 Kala punapa kawula sumerep Paduka gerah utawi kinunjara, lajeng kawula sowani?

40 Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.

41 Sarta Sang Nata bakal ngandika marang kang ana sisih kiwane: Sumingkira saka ing ngarsaningSun, heh, wong kang padha kena ing laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisake kanggo Iblis lan para malaekate.

42 Sabab nalika Ingsun kerapan, sira ora nyaosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira ora nyaosi ngunjuk;

43 nalika Ingsun lelana, sira ora nyaosi palereban; nalika Ingsun gerah, lan ana ing pakunjaran, sira ora sowan.

44 Ing kono wong-wong mau bakal padha munjuk: Dhuh, Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan, utawi kasatan, utawi pinuju lelana, punapa kelukaran utawi gerah, punapa wonten ing pakunjaran saha boten kawula ladosi?

45 Sang Nata banjur bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira, samubarang kabeh kang ora sira tindakake kanggo salah sawijining wong kang asor dhewe iki, iku iya ora sira tindakake kagem Ingsun.

46 Wasana wong-wong iku bakal lumebu ing siksa langgeng, dene wong kang mursid iku bakal lumebu ing urip langgeng.”

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 26 27 28