1 Sawuse mangkono Gusti Yesus katuntun dening Roh menyang ing ara-ara samun supaya kagodha dening Iblis.
2 Salebare siyam patang puluh dina patang puluh bengi, wekasan kerapan.
3 Juru panggodha banjur sowan ing ngarsane sarta munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan sabdakaken dados roti.”
4 Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda kang miyos saka ing lesaning Allah.”
5 Iblis tumuli nggawa Gusti Yesus menyang ing kutha Suci lan dijumenengake ana ing dhuwur payone Padaleman Suci,
6 banjur munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”
7 Pangandikane Gusti Yesus: “Ana maneh tulisan mangkene:Sira aja nyoba Pangeran Allahira.”
8 Gusti Yesus banjur digawa Iblis maneh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakehe krajan ing donya dalasan kamulyane,
9 nuli munjuk mangkene: “Punika sadaya badhe kula caosaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula.”
10 Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis:“Wis, lungaa, setan!” Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni.”
11 Iblis banjur lengser saka ing ngarsane Gusti Yesus; lah ing kono tumuli ana malaekat-malaekat kang padha sowan lan ngladosi Panjenengane.
12 Bareng Gusti mireng pawarta, yen nabi Yokanan wus kacepeng, Panjenengane banjur tindak sumingkir menyang ing tanah Galilea,
13 pindhah saka Nasaret lan dedalem ana ing kutha Kapernaum, ing sapinggiring sagara ing laladan tanah Zebulon lan Naftali,
14 supaya kayektenana kang kapapangandikakake dening Nabi Yesaya mangkene:
15 “Tanah Zebulon lan tanah Naftali, dalan menyang ing sagara, ing sabrange bengawan Yarden, tanah Galilea panggonane bangsa-bangsa liya,
16 bangsa kang manggon ing pepeteng, iku wus ndeleng Papadhang kang gedhe, sarta wong kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing wewayangning pati, iku wus kaplethekan Pepadhang.”
17 Wiwit nalika iku Gusti Yesus nggelarake piwulang, pangandikane: “Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”
18 Nalika Gusti Yesus pinuju tindak urut pinggiring sagara Galilea, mirsa wong loro padha sadulur, yaiku Simon kang karan Petrus karo Andreas sadulure, lagi padha nibakake jala ing sagara, amarga padha dadi juru-amek-iwak.
19 Banjur padha didhawuhi: “Ayo, padha melua Aku, kowe padha bakal Dakdadekake juru-amek-wong.”
20 Sanalika banjur padha ninggal jalane, ndherekake Gusti Yesus.
21 Sabanjure nalika tindak saka kono, Panjenengane mirsa wong loro maneh, uga padha sadulur, yaiku Yakobus anake Zebedheus karo Yokanan sadulure, ana ing prau lagi ngrewangi Zebedheus bapakne anggone nyulami jalane, banjur padha ditimbali
22 Sanalika padha ninggal praune lan bapakne, nuli ndherekake Gusti Yesus.
23 Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.
24 Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.