1 Sawise iku banjur ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara saka ing Yerusalem kang padha sowan marang ngarsane Gusti Yesus sarta matur:
2 “Punapa sababipun, dene sakabat Panjenengan kok sami nerak adat-tatacaranipun para leluhur kita? Manawi badhe nedha kok sami boten wisuh tangan rumiyin?”
3 Nanging paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau; “Yagene kowe kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah marga saka anane adat-tata-caramu dhewe?
4 Sabab Gusti Allah ngandika: Sira ngajenana bapa biyungira; lan maneh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge kudu mati.
5 Ewadene kandhamu: sing sapa kandha marang bapa utawa biyunge: Punapa ingkang dados gadhahan kula, ingkang kaginakaken kangge ngopeni panjenengan, punika sampun kangge kurban katur ing Pangeran,
6 wong iku banjur wis ora kawajiban ngajeni bapakne utawa biyunge maneh. Dadine kowe wis ngorakake pepakoning Allah marga saka adat-tata-caramu dhewe.
7 Heh, wong lamis, ceples temen pamecane Nabi Yesaya tumrap kowe: