22 Tumuli ana wong Kanaan saka ing jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka paringi kawelasan, anak kawula estri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget.”
23 Nanging Gusti Yesus ora kersa paring wangsulan babar pisan. Para sakabate padha ngadhep lan munjuk marang Gusti Yesus: “Tiyang punika kadhawuhana kesah, dene kok ngetutaken kita kaliyan bengok-bengok.”
24 Gusti Yesus banjur mangsuli, pangandikane:“Aku mung kautus marani wedhus-wedhus Banisrael kang padha ilang bae.”
25 Nanging wong wadon mau banjur marak lan sujud ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung!”
26 Nanging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Ora bener, wong njupuk rotine anak-anak banjur diuncalake marang asu.”
27 Atur wangsulane wong wadon: “Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking mejaning bendaranipun.”
28 Ing kono Gusti Yesus tumuli paring wangsulan pangandikane: “Heh, wong wadon, kok gedhe pangandelmu, mulane katekana apa kang dadi karepmu.” Lan sanalika iku uga anake wong wadon mau banjur waras.