26 Nanging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Ora bener, wong njupuk rotine anak-anak banjur diuncalake marang asu.”
27 Atur wangsulane wong wadon: “Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking mejaning bendaranipun.”
28 Ing kono Gusti Yesus tumuli paring wangsulan pangandikane: “Heh, wong wadon, kok gedhe pangandelmu, mulane katekana apa kang dadi karepmu.” Lan sanalika iku uga anake wong wadon mau banjur waras.
29 Gusti Yesus sawise jengkar saka ing tlatah kono, banjur tindak menyang ing pinggiring sagara Galilea lan minggah redi, tumuli lenggah ing kono.
30 Banjur ana wong akeh kang padha gumrudug mrono nyowanake lumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisu lan liya-liyane akeh, padha kasowanake ing ngarsane Gusti Yesus, kabeh banjur padha diwarasake.
31 Temahan wong akeh padha kaeraman ndeleng wong bisu padha caturan, wong pincang padha waras, wong lumpuh padha lumaku, wong picak bisa ndeleng, lan kabeh banjur padha ngluhurake Allahe Israel.
32 Sawise iku Gusti Yesus tumuli nimbali para sakabate, padha dipangandikani mangkene: “AtiKu trenyuh banget saka welasKu marang wong akeh iki. Wis telung dina anggone padha ngetutake Aku, mangka wis ora ana kang dipangan. Aku ora bisa akon mulih wong-wong iku, amarga lagi padha kaluwen, gek-gek padha ambruk ana ing dalan.”