31 Temahan wong akeh padha kaeraman ndeleng wong bisu padha caturan, wong pincang padha waras, wong lumpuh padha lumaku, wong picak bisa ndeleng, lan kabeh banjur padha ngluhurake Allahe Israel.
32 Sawise iku Gusti Yesus tumuli nimbali para sakabate, padha dipangandikani mangkene: “AtiKu trenyuh banget saka welasKu marang wong akeh iki. Wis telung dina anggone padha ngetutake Aku, mangka wis ora ana kang dipangan. Aku ora bisa akon mulih wong-wong iku, amarga lagi padha kaluwen, gek-gek padha ambruk ana ing dalan.”
33 Para sakabate padha munjuk: “Kadospundi anggen kawula sami saged angsal roti wonten ing papan ingkang samun makaten, ingkang ngantos saged damel tuwuking tiyang ingkang samanten kathahipun punika?”
34 Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe padha duwe roti pira?” “Pitu,” atur wangsulane para sakabat, “sarta wonten ulam alit-alit sawatawis.”
35 Gusti Yesus banjur dhawuh marang wong akeh iku, supaya padha lungguh ing lemah.
36 Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau lan sawise caos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingake marang para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong akeh.
37 Tumuli kabeh padha mangan nganti wareg. Sawise mangkono turahane diklumpukake, nganti dadi pitung kranjang kebak.