6 Banjur padha dipangandikani Gusti Yesus mangkene: “Padha sing awas, sing padha ngati-ati ing bab ragine wong Farisi lan wong Saduki!”
7 Para sakabat padha mikir-mikir lan banjur padha rasanan: “Anggone ngandika mangkono iku rak marga aku padha ora sangu roti.”
8 Bareng Gusti Yesus mirsa apa sing padha dirembug iku, tumuli ngandika: “Yagene kowe padha rerembugan bab ora ana roti, heh, wong kang cupet ing pangandel?
9 Apa kowe durung padha mangreti? Apa padha ora kelingan bab roti lima kanggo wong limang ewu lan pirang kranjang sing kokklumpukake?
10 Apa uga lali bab roti pitu kanggo wong patang ewu lan pirang kranjang kang kokklumpukake?
11 Kapriye ta dene kowe kok padha ora mangreti, yen kang Dakkarepake iku dudu roti. Aku pitutur marang kowe: Sing waspada marang ragine wong Farisi lan wong Saduki!”
12 Ing kono para sakabat lagi padha mangreti, yen dhawuhe Gusti Yesus iku mau, ora supaya waspada marang ragi lan roti, nanging marang piwulange para wong Farisi lan para wong Saduki.