13 Nalika iku para sakabate Gusti Yesus padha mangerti, yen kang dipangandikakake iku Nabi Yokanan Pambaptis.
14 Bareng wis padha bali tekan ing enggone wong akeh maneh, ana wong kang sowan ing ngarsane Gusti Yesus banjur sujud lan matur:
15 “Gusti, anak kawula mugi Paduka welasi. Piyambakipun sakit ayan, lan sangsara sanget. Asring dhawah ing latu lan inggih asring dhawah ing toya.
16 Sampun kawula bekta dhateng ing ngajenging para sakabat Paduka, nanging sami boten saged nyarasaken.”
17 Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel lan kang kablinger, nganti pira lawase anggonKu isih kudu tetunggalan karo kowe kabeh? Nganti pira lawase anggonKu isih kudu tahan ana ing antaramu? Bocahe prenekna!”
18 Gusti Yesus banjur ndukani dhemite, wasana metu, sarta wiwit nalika iku bocahe dadi waras.
19 Para sakabat tumuli padha sowan ngadhep ing ngarsane lan bareng wis karo Panjenengane piyambakan, padha matur: “Punapa dene kawula sami boten saged nundhung dhemit wau?”