16 Sampun kawula bekta dhateng ing ngajenging para sakabat Paduka, nanging sami boten saged nyarasaken.”
17 Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel lan kang kablinger, nganti pira lawase anggonKu isih kudu tetunggalan karo kowe kabeh? Nganti pira lawase anggonKu isih kudu tahan ana ing antaramu? Bocahe prenekna!”
18 Gusti Yesus banjur ndukani dhemite, wasana metu, sarta wiwit nalika iku bocahe dadi waras.
19 Para sakabat tumuli padha sowan ngadhep ing ngarsane lan bareng wis karo Panjenengane piyambakan, padha matur: “Punapa dene kawula sami boten saged nundhung dhemit wau?”
20 Banjur padha kaparingan wangsulan: “Jalaran pracayamu kurang. Sabab satemene pituturKu marang kowe: Saupama kowe duwe pangandel sawiji sawi bae, kowe bisa akon gunung: Sumingkira saka ing kene mrana. Gununge iku mesthi ngalih, sarta ora ana barang kang mokal tumrap kowe. [
21 Jinis iki ora bisa katundhung yen ora sarana ndedonga lan pasa].”
22 Nalika padha ana ing tanah Galilea Gusti Yesus ngandika marang para sakabat: “Putraning Manungsa bakal dipasrahake marang tanganing wong,