20 Unjuke wong anom iku: “Punika sadaya sampun kula tetepi, punapa malih ingkang taksih kirang?”
21 Pangandikane Gusti Yesus: “Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabeh dolana, lan pepayone kabeh wenehana marang wong miskin, temahan kowe oleh bandha ana ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.”
22 Bareng wong anom mau krungu pangandika kang mangkono iku, banjur mundur kalawan sedhih, amarga bandhane akeh.
23 Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabate: “Satemene pituturKu marang kowe, yen wong sugih iku angel banget bisane lumebu ing Kratoning Swarga.
24 Sapisan engkas pituturKu marang kowe, luwih gampang unta lumebu ing bolonganing dom tinimbang wong sugih lumebu ing Kratoning Allah.”
25 Para sakabate bareng krungu kang kaya mangkono iku, padha banget anglesing atine sarta padha ngunandika: “Yen mangkono iku sapa ta sing bisa oleh karahayon?”
26 Gusti Yesus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika: “Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”