13 Sapungkure para pandhita mau lah tumuli ana malaekating Pangeran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen lan dhawuh:“Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsekna menyang ing tanah Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira; mulane mangkono awit Herodhes bakal nggoleki Sang Timur arep disedani.”
14 Yusuf tangi lan ing bengi iku uga Sang Putra dalah kang ibu diajak ngungsi menyang ing tanah Mesir,
15 lan manggon ing kana nganti sasedane Sang Prabu Herodhes. Mangkono dadine kayektenan apa kang kapangandikakake dening Pangeran lumantar nabi: “Saka ing tanah Mesir anggoningSun nimbali PutraningSun.”
16 Bareng Sang Prabu Herodhes ngertos yen Panjenengane dicidrani dening para pandhita, banget dukane, banjur dhawuh mateni sakehe bocah lanang ing kutha Betlehem salaladane, kang umur rong taun sapangisor, manut wektu anggone angsal katrangan saka para pandhita.
17 Ing kono kayektenan kang kapangandikakake dening Nabi Yeremia:
18 “Ana swara kaprungu ing kutha Rama, panangis lan pangadhuh kang sora; Rakhel nangisi anak-anake lan emoh kalipur, awit anak-anake wus padha ora ana.”
19 Bareng Sang Prabu Herodhes wus seda, ana malaekating Pangeran kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen ana ing tanah Mesir, kang dhawuh: