11 Nalika padha nampani opahe, padha ngumel-umeli kang duwe pakebonan.
12 Tembunge: Tiyang-tiyang punika mlebetipun kantun piyambak, dados namung nyabut-damel sajam, mangka lajeng panjenengan damel sami kaliyan kula ingkang nyambut-damel awrat sadinten muput saha sami kabenteran.
13 Nanging kang duwe pakebonan mangsuli marang salah sawijining wong mau: Aku rak ora luput karo kowe. Kowe karo aku rak wis padha sarujuk nyadinar sadina?
14 Tampanana bageanmu banjur lungaa. Iki wis dadi karepku menehi wong kang mlebu keri dhewe padha karo kowe.
15 Apa aku ora wenang nganggo duwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa kowe meri, dene aku kok loma?
16 Iya kaya mangkono iku, kang dadi pamburi bakal dadi pangarep lan kang dadi pangarep bakal dadi pamburi.”
17 Nalika Gusti Yesus arep tindak menyang Yerusalem, banjur nimbali para sakabate rolas dhewekan sarta ana ing dalan padha dipangandikani mangkene: