21 Gusti Yesus ndangu: “Kowe arep matur apa?” Unjuke: “Mugi karsaa paring dhawuh, supados anak kawula kekalih punika, benjing wonten ing Kraton Paduka, sami linggiha ingkang satunggal wonten ing tengen, satunggalipun ing kiwa Paduka.”
22 Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Kowe iku padha ora ngreti kang koksuwun. Apa kowe bisa ngombe ing tuwung pangomben, kang kudu Dakunjuk?” Karo-karone munjuk: “Inggih saged.”
23 Pangandikane Gusti Yesus: “TuwungKu pancen bakal kokombe, nanging bab linggih ing tengenKu utawa ing kiwaKu, iku Aku ora wenang nglilani. Iku bakal kaparingake marang wong-wong, kang wis cinadhang dening RamaKu.”
24 Sakabat kang sapuluh, bareng krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang sadulur loro mau.
25 Banjur padha ditimbali dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yen kang padha ngasta peprentahaning bangsa-bangsa anggone nindakake peprentahan kalawan keras, sarta para panggedhe padha nindakake panguwasane kanthi kenceng.
26 Ananging kowe aja padha mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhe ana ing antaramu, iku dadia batur,
27 lan sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhakmu.