27 lan sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhakmu.
28 Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong akeh.”
29 Nalika padha metu saka ing kutha Yerikho, Gusti Yesus kadherekake ing wong akeh banget.
30 Ana wong picak loro linggih ing pinggir dalan krungu yen Gusti Yesus langkung, banjur padha nguwuh-uwuh: “Gusti, mugi karsaa melasi kawula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud!”
31 Nanging banjur padha disendhu ing wong akeh, dikon meneng. Ewasemono malah saya seru anggone padha nguwuh-uwuh, ature: “Dhuh, Gusti, mugi karsaa melasi kawula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud!”
32 Gusti Yesus banjur kendel anggone tindak sarta nimbali wong-wong mau, sarta dipangandikani: “Kowe padha nyuwun Dakkapakake?”
33 Atur wangsulane: “Gusti, kawula nyuwun, supados mripat kawula saged ningali.”