6 Watara jam lima sore iya metu maneh sarta weruh maneh wong-wong kang padha nganggur, banjur padha ditakoni: Yagene kowe padha nganggur bae ana ing kene sadina muput?
7 Wangsulane wong-wong, mau: Awit boten wonten tiyang ingkang mberahaken dhateng kula. Iku tumuli dipituturi: Kowe iya padha menyanga kebonku anggur.
8 Bareng wis surup sing duwe pakebonan kandha karo mandhore: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wenehana buruhane, wiwit sing mlebu keri dhewe nganti tekan sing mlebu dhisik dhewe.
9 Wong-wong kang kira-kira jam lima wiwit nyambut-gawe padha teka, lan diopahi nyadinar.
10 Sawise iku kang mlebune esuk dhewe padha mara, pangirane bakal tampa opah luwih akeh, nanging jebul iya tampa nyadinar.
11 Nalika padha nampani opahe, padha ngumel-umeli kang duwe pakebonan.
12 Tembunge: Tiyang-tiyang punika mlebetipun kantun piyambak, dados namung nyabut-damel sajam, mangka lajeng panjenengan damel sami kaliyan kula ingkang nyambut-damel awrat sadinten muput saha sami kabenteran.