19 Bareng mirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, tumuli dipurugi, nanging ora manggih apa-apa ana ing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjur dipangandikani: “Aja metu wohmu maneh ing salawas-lawase!” Padha sanalika wit anjir mau dadi garing.
20 Weruh kang kaya mangkono iku para sakabat padha kaeraman sarta munjuk: “Kadospundi, dene wit anjir punika lajeng dados garing sami sanalika?”
21 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, manawa kowe pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowe mesthi ora mung bisa nindakake apa kang Daktindakake tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon.
22 Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, mesthi bakal kaparingake.”
23 Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci. Nalika Panjenengane lagi paring piwulang ana ing kono, ana pangarepng imam lan pinituwaning bangsa Yahudi kang padha sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Panjenengan tumindak makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”
24 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku iya arep takon marang kowe lan yen kowe wis mangsuli Aku, Aku iya bakal kandha marang kowe, Aku tumindak mangkono iku kanthi panguwasa sing endi.
25 Pambaptise Nabi Yokanan iku saka ing swarga apa saka manungsa?” Wong-wong mau banjur padha rembugan bab iku, mangkene pamikire: “Yen aku padha kandha: saka ing swarga. Dheweke bakal mangsuli: yen mangkono yagene kowe ora pracaya?