27 Wasana atur wangsulane marang Gusti Yesus: “Kula sami boten sumerep.” Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Yen mangkono Aku iya ora kandha marang kowe panggaweKu kang mangkono iku kanthi panguwasa sing endi.”
28 “Nanging kapriye panemumu bab iki: Ana wong duwe anak lanang loro. Kang pambarep diparani sarta dikandhani: Ngger, dina iki kowe nyambuta gawe ana ing kebon anggur.
29 Anake mangsuli: Inggih, pak. Nanging ora mangkat.
30 Wong mau banjur marani anake lanang kang angka loro sarta dikandhani mangkono uga, nanging anake mangsuli: Kula boten purun. Sawise iku dheweke kaduwung, nuli mangkat.
31 Anak loro mau endi sing nindakake karepe bapakne?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Ingkang kantun.” Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe: para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah.
32 Sabab Yokanan anggone teka iku prelu nuduhake dalaning kayekten marang kowe, ewadene kowe ora pracaya marang dheweke. Nanging para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila padha pracaya marang dheweke. Nanging kowe kabeh sanadyan weruh, ora banjur kaduwung lan uga ora pracaya marang dheweke.”
33 “Padha ngrungokna pasemon liyane. Ana sawijining wong kang gawe pakebonan anggur, dipageri mubeng, sarta digawekake jogangan papan pameresan apamaneh panggung pajagan. Pakebonan mau banjur disewakake marang wong, tumuli mangkat lelungan menyang ing nagara liya.