12 Panjenengane banjur ngandika marang wong mau: He, sadulur, kapriye dene sira lumebu ing kene ora nganggo sandhangan pesta? Wong mau meneng bae.
13 Sang Nata banjur ngandika marang para abdine: Tlikungen tangane lan sikile, nuli uncalna menyang ing panggonan kang peteng dhewe, ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.
14 Sabab akeh kang tinimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih.”
15 Sawise mangkono wong-wong Farisi banjur lunga, padha rerembugan bab kapriye anggone bisa nyengkolong Gusti Yesus sarana pitakonan.
16 Nuli kongkonan murid-muride bebarengan karo wong-wong Herodhian, matur pitakon: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa dene Panjenengan boten mraduli dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang.
17 Awit saking punika mugi karsaa paring katrangan: Mbayar paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”
18 Nanging Gusti Yesus mirsa bab kaculikaning atine wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “He, wong lamis, yagene kowe padha nyoba marang Aku?