4 Padha mbongkoki gegawan kang abot-abot banjur ditumpangake ing pundhaking wong, nanging dheweke dhewe ndumuk bae ora gelem.
5 Sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa.
6 Padha linggih ing papan kang kajen dhewe ana ing pahargyan lan ing ngarep dhewe ana ing papan pangibadah.
7 Padha seneng diurmati ana ing pasar-pasar lan seneng disebut guru.
8 Nanging kowe aja gelem disebut guru, amarga mung siji Gurumu lan kowe kabeh padha-padha sadulur.
9 Apamaneh kowe aja nyebut rama marang sapa bae ana ing bumi iki, awit mung siji Ramamu, yaiku kang ana ing swarga.
10 Kowe aja gelem disebut panutan, amarga mung siji Panutanmu, yaiku Sang Kristus.