38 Nuli ngandika marang sakabate katelu mau: “AtiKu sedhih banget, rasane kaya arep mati. Padha anaa ing kene, Aku rewangana melek.”
39 Panjenengane banjur tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud lan ndedonga, ature:“Dhuh, Rama kawula, manawi pancen saged, mugi tuwung punika sumingkir saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga sakarsa Paduka.”
40 Banjur murugi sakabat telu mau, padha ketemu turu. Panjenengane ngandika marang Petrus: “Apa kowe ora kuwat ngrewangi melek Aku sajam bae?
41 Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe aja tumiba ing panggodha. Roh iku pancen cumandhang, nanging daging iku ringkih.”
42 Banjur tindak maneh kang kaping pindhone lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi tuwung punika boten saged sumingkir, kajawi kedah Kawula ombe, inggih sumangga ing sakarsa Paduka.”
43 Nalika murugi para sakabate maneh, iya padha ketemu turu, sabab mripate mbliyut.
44 Tumuli padha ditilar maneh kaping telune lan ndedonga kaya sing uwis.