51 Ing kono ana sawijining pandhereke Gusti Yesus, kang gumrageh tangane ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kaperung.
52 Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Pedhangmu warangkakna, awit wong kang olah pedhang, bakal tiwas dening pedhang.
53 Apa pangiramu Aku ora bisa nyuwun marang RamaKu, supaya Panjenengane enggal ngirimake malaekat luwih saka rolas bregada lan mbiyantu Aku?
54 Yen mangkono, kapriye pangandika kang tinulis ing Kitab Suci bisane kalakon, kang mratelakake, yen iki kudu kalakon mangkono?”
55 Ing nalika iku Gusti Yesus ngandika marang wong akeh mau: “Rumangsamu Aku iki begal, dene anggonmu teka sikep gegaman pedhang lan penthung, arep nyekel Aku? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci, kowe ora nyekel Aku.
56 Nanging kabeh-kabeh iki kalakon supaya kayektenana kang tinulis ing kitabe para nabi.” Para sakabat banjur padha ninggal Panjenengane lan padha lumayu kabeh.
57 Gusti Yesus sawise kacepeng banjur kairid menyang ing daleme Imam Agung Kayafas. Para ahli Toret lan para pinituwa wis padha nglumpuk ana ing kono.