48 Nuli ana wong siji kang enggal-enggal mrono, banjur njupuk jamur karang kacelupake ing anggur kecut, digarani glagah lan dicaosake Gusti Yesus supaya kaunjuk.
49 Nanging wong-wong liyane padha ngucap: “Aja, aku arep padha weruh, apa Nabi Elia rawuh ngluwari Dheweke.”
50 Gusti Yesus banjur nguwuh-uwuh maneh kanthi sora, nuli masrahake nyawane.
51 Ing kono gubahe Padaleman Suci suwek dadi loro wiwit saka ing dhuwur nganti tekan ngisor, lan ana lindhu, sarta gunung-gunung karang padha bengkah
52 apadene kuburan-kuburan padha menga, lan akeh wong suci kang wis padha mati, padha urip maneh.
53 Lan sawise Gusti Yesus wungu, wong-wong mau padha metu saka ing kubur, banjur lumebu ing kutha suci lan ngaton marang wong akeh.
54 Panggedhening prajurit dalah para wadyabalane sing padha njaga Gusti Yesus, bareng weruh lindhu lan apa kang wis kalakon, padha wedi, lan padha calathu mangkene: “Sanyata Panjenengane iku Putraning Allah.”