13 “Kowe iku padha dadi uyahing bumi. Lah yen uyah iku ilang asine, apa kang kanggo mulihake asine? Wis ora ana gunane maneh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong.
14 Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan.
15 Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh.
16 Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”
17 “Kowe aja padha duwe pangira, yen tekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabe para nabi. TekaKu ora nyuwak, nanging malah nindakake.
18 Awit satemene pituturKu marang Kowe: Nganti sirnane langit lan bumi iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot utawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon.
19 Mulane sing sapa ngorakake salah sawijining pepakon iki, sanadyan kang cilik dhewe, sarta memulang mangkono marang wong, iku bakal oleh papan kang asor dhewe ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakake lan mulangake kabeh pepakoning Toret, iku bakal oleh papan kang dhuwur ana ing Kratoning Swarga.