21 Amarga ing ngendi dununge bandhanmu, iya ana ing kono dununge atimu.
22 Diyaning badan iku mripat; manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan.
23 Nanging manawa mripatmu cacad, badanmu dadi peteng kabeh. Dadi manawa pepadhang kang ana ing kowe dadi peteng, saiba ta petenge iku.”
24 “Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.
25 Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan?
26 Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?
27 Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umure saasta bae marga saka sumelang?