16 Sorene akeh wong sing padha kesurupan dhemit sing padha di owanake menyang ngarsane Gusti Yesus. Dhemite padha ditundhungi sarana pangandika lan sarupane wong kang nandhang lelara padha diwarasake.
17 Bab iki kalakone supaya kayektenana kang kapangandikakake dening Nabi Yesaya: “Panjenengane wus ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara kita.”
18 Bareng Gusti mirsa wong akeh padha ngrubung Panjenengane, banjur dhawuh nyabrang.
19 Nuli ana sawijining wong ahli Toret kang sowan sarta munjuk: “Guru, kula badhe ndherek Panjenengan dhateng pundi kemawon anggen Panjenengan tindak.”
20 Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padha duwe rong, lan manuk ing awang-awang pada duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.”
21 Wong liyane, yaiku salah sijining siswane, matur marang Panjenengane: “Gusti, kawula mugi Paduka parengaken kesah rumiyin badhe ngubur bapa kawula.”
22 Nanging Gusti Yesus ngandika: “Kowe melua Aku, dene wong mati cikben padha ngubur wong mati.”