4 Banjur kadhawuhan dening Gusti Yesus: “Poma bab iki aja kokkandhakake marang sapa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan caosa kurban, sing diprentahake dening Nabi Musa, minangka peseksi marang wong.”
5 Nalika Gusti Yesus lumebet ing kutha Kapernaum, ana sawijining opsir panatus sowan ing ngarsane sarta darbe atur panyuwun, unjuke:
6 “Bandara, rencang kawula sakit lumpuh, nggluntung wonten ing griya, langkung sanget anggenipun ngraosaken sakit.”
7 Pangandikane Gusti Yesus: “Aku dak mrana, dakwarasne.”
8 Nanging atur wangsulane opsir mau: “Bandara, boten pantes kawula nampeni Paduka wonten ing gubug kawula, mugi karsaa ngandika satembung kemawon, rencang kawula tamtu lajeng saras.
9 Amargi kawula piyambak punika tiyang ingkang kereh lan inggih ngereh prajurit. Manawi kawula aken dhateng ingkang satunggal: Lungaa! lajeng kesah; utawi dhateng sanesipun: Mrenea! inggih lajeng dhateng. Tuwin dhateng rencang-tumbasan kawula: Iku lakonana! inggih lajeng dipun lampahi.”
10 Bareng Gusti Yesus mireng kang mangkono iku, Panjenengane kaeraman, banjur ngandika marang kang padha ndherek: “Satemene pituturKu marang kowe: Pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israel.