12 Nalika wong wadon iku ngganter ndedonga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Imam Eli namatake cangkeme wong wadon iku,
13 lan sarehne Hana anggone ngucap iku sajroning atine, tuwin mung lambene bae kang umak-umik lan ora keprungu suwarane, Imam Eli ngira manawa wong iku mendem.
14 Imam Eli banjur ngandika: “Nganti sapira suwene anggonmu tumindak kaya wong mendem? Maria anggonmu mendem!”
15 Nanging Hana mangsuli: “Boten dhuh Rama, kula satunggiling tiyang estri ingkang saweg nandhang sisah sanget; kula boten ngombe anggur utawi minuman ingkang mendemi, nanging ngesokaken isining manah kawula wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.
16 Sampun nganggep abdi panjenengan punika tiyang estri awon, margi saking sangeting bebeg saha sakiting manah kula ngantos wicanten dangu makaten.”
17 Wangsulane Imam Eli: “Mundura kanthi tentrem rahayu, lan muga-muga Gusti Allahe Israel minangkani panyuwunmu.”
18 Sawuse iku wong wadon mau matur: “Mugi abdi panjenengan angsala sih piwelas wonten ing ngarsa panjenengan.” Wong wadon mau tumuli metu, banjur gelem mangan lan ulate ora suntrut maneh.