1 Sang Dawud diaturi pirsa mangkene: “Kauningana, tiyang Filisti mangsah perang nempuh kitha Kehila lan njarah pamipitanipun.”
2 Sang Dawud banjur neges marang Sang Yehuwah: “Punapa kawula prayoginipun ngawonaken bangsa Filisti punika?” Dhawuhe Sang Yehuwah marang Dawud: “Mangkata, bangsa Filisti iku asorna lan kutha Kehila luwarana!”
3 Nanging balane Sang Dawud matur marang panjenengane: “Kula aturi enget, wonten ing ngriki kemawon wonten ing Yehuda, kula sampun sami kuwatos, saya malih manawi kula sami dhateng Kehila, mapagaken barisanipun perang bangsa Filisti.”
4 Sang Dawud banjur neges maneh marang Sang Yehuwah, dene Sang Yehuwah paring wangsulan mangkene: “Samektaa, mangkata menyang Kehila, amarga Ingsun bakal masrahake wong Filisti marang ing tanganira.”
5 Sang Dawud banjur mangkat sabalane menyang Kehila, mangsah perang nglawan bangsa Filisti, rajakayane padha digiring sarta mungsuh digecak luwih dening banget. Mangkono anggone Sang Dawud ngluwari wong ing kutha Kehila.
6 Nalika Imam Abyatar bin Akhimelekh ngungsi marang Sang Dawud ing Kehila, mudhune nggawa efod.
7 Sang Prabu Saul diaturi pirsa, yen Sang Dawud wis mlebu ing kutha Kehila. Sang Prabu Saul nuli ngandika: “Gusti Allah wis masrahake Dawud ana ing tanganku, amarga mlebu ing kutha kang ana gapura lan ana slarake, iku ateges ngurung awake dhewe.”
8 Sang Prabu Saul nuli ngerigake sakehing balane, nglurug perang menyang Kehila lan ngepung Sang Dawud sabalane.
9 Bareng Sang Dawud mirsa, yen Sang Prabu Saul kagungan kersa ngarah bilaine, ngandika marang Imam Abyatar: “Efod iku prenekna!”
10 Sang Dawud nuli matur: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahing Israel, abdi Paduka punika mireng sayektos bilih Sang Prabu Saul badhe rawuh ing kitha Kehila lan badhe nyirnakaken kitha punika margi saking kawula.
11 Punapa kawula badhe dipun pasrahaken dening tiyang-tiyang ing kitha Kehila dhateng ing astanipun? Punapa Sang Prabu Saul badhe rawuh kados dene ingkang kapireng ing abdi Paduka punika? Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, mugi karsaa paring sumerep dhateng abdi Paduka punika.” Paring wangsulane Sang Yehuwah: “Saul bakal teka.”
12 Sang Dawud banjur matur: “Kawula saha bala kawula punapa badhe kapasrahaken tiyang-tiyang kitha Kehila dhateng astanipun Sang Prabu Saul?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Bakal dipasrahake.”
13 Sang Dawud dalah sabalane banjur padha tata-tata, watara wong nem atus, padha metu saka ing kutha Kehila lan lunga saparan-paran. Nalika Sang Prabu Saul diaturi pirsa, yen Sang Dawud wus oncat, ora sida nglurugi perang.
14 Anadene Sang Dawud lereb ana ing pasamunan, ing papan-papan pandhelikan. Pamanggene ana ing pagunungan ing pasamunan Zif. Lan sawuse iku Sang Prabu Saul tansah nguber-uber, nanging Gusti Allah ora masrahake ing astane Sang Prabu Saul.
15 Sang Dawud sumelang panggalihe amarga Sang Prabu Saul wis tindak nedya ngarah nyawane Sang Dawud. Nalika Sang Dawud ana ing pasamunan ing Zif, ing Khoresa,
16 Pangeran Yonatan, putrane Sang Prabu Saul, nuli tata-tata lan banjur murugi Sang Dawud menyang ing Khoresa, lan nyantosakake pangandele Sang Dawud marang Gusti Allah,
17 sarta ngandika marang Sang Dawud: “Panjenengan sampun kuwatos, amargi kanjeng rama boten badhe saged nyepeng panjenengan, malah panjenengan badhe jumeneng ratu ngereh bangsa Israel, lan kula trimah namung dados tiyang ingkang angka kalih, ing sangandhap panjenengan. Kanjeng rama rak ugi sampun uninga bab punika.”
18 Sakarone banjur padha prasetya ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Lan Sang Dawud lereb ana ing Khoresa, dene Pangeran Yonatan kondur menyang ing daleme.
19 Nanging ana wong ing Zif sawatara kang seba marang ing ngarsane Sang Prabu Saul ana ing Gibea sarta matur: “Dawud ndhelik wonten ing sacelak kawula, ing beteng-beteng pareden, ing sacelakipun Khoresa, ing redi Hakhila, kaprenah ing sakidulipun ara-ara samun.
20 Milanipun manawi panjenengan dalem Sang Prabu kepareng rawuh, kawula aturi tindak, kawula ingkang tanggel badhe masrahaken tiyang punika wonten ing astanipun Sang Prabu.”
21 Pangandikane Sang Prabu Saul: “Muga sira binerkahana dening Sang Yehuwah, amarga ngetokake kawelasanira marang ingsun.
22 Wis mangkata, nyatakna kang genah maneh, upayanen nganti bisa meruhi ing ngendi padunungane lan sapa kang wis tau weruh wong iku ana ing kono, amarga ana sing kandha marang ingsun yen wong iku julig banget.
23 Udinen ngawruhi ing ngendi papan pandhelikane. Sira nuli sowana marang ingsun kalawan nggawa warta kang genah, lan ingsun bakal mbarengi lakunira. Lah, saupama wong iku ana ing njero nagara ingsun bakal nliti wong iku ana ing antarane sakehe ewon-ewoning wong Yehuda.”
24 Wong mau banjur enggal-enggal padha mangkat menyang Zif ndhisiki tindake Sang Prabu Saul. Sang Dawud sabalane ana ing pasamunan Maon, ing tanah warata sakidule ara-ara samun.
25 Nalika Sang Prabu Saul tindak sabalane nglari Sang Dawud, nuli ana kang ngaturi uninga marang Sang Dawud. Sang Dawud nuli tindak menyang ing gunung watu parang lan lereb ana ing pasamunan Maon. Bareng Sang Prabu miyarsa bab iku, banjur ngoyak Sang Dawud menyang ing pasamunan Maon.
26 Sang Prabu tindak saka ing sisih kenene gunung, dene Sang Dawud lan balane saka ing sisih kanane gunung, Sang Dawud enggal-enggal sumingkir, nanging Sang Prabu Saul sabalane wis meh ngepung Sang Dawud sabalane lan wus arep bisa nyekel,
27 jebul banjur ana wong kang sowan ngaturi pirsa marang Sang Prabu: “Panjenengan dalem mugi enggal karsaa kondur, amargi tiyang Filisti sampun nempuh negari.”
28 Sang Prabu kapeksa kendel anggone nguber-uber Sang Dawud lan tindak mapagake wong Filisti. Iku jalarane panggonan kono banjur diarani: Paranging Pangluwaran.