1 Pangandikane Nabi Samuel marang sakehe wong Israel: “Sakehing panyuwunmu, kang kokaturake marang aku, wis dakturuti lan aku wis njumenengake ratu kang ngereh kowe.
2 Dene saiki ratu iku kang dadi pemimpinmu; lan aku iki wis tuwa lan uwanen, apadene anak-anakku lanang rak ana ing antaramu? Aku mimpin kowe wiwit nonomanku tumeka saprene.
3 Iki aku ana ing ngarepmu ana ing kene. Kowe menehana paseksen kang nglawan aku ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan ing ngarepe jebadane: Sapine sapa kang wis dakepek? Kuldine sapa kang wis dakepek? Sapa kang tau daktindhes? Sapa kang tau dakkasari? Sapa kang wis tau mbeseli aku kanggo nutupi mripatku? Iku arep dakbalekake.”
4 Wangsulane wong kang padha dipangandikani: “Panjenengan boten nindhes kula, lan boten nate tumindhak kasar, punapa dene panjenengan boten nate nampeni punapa-punapa saking sinten kemawon.”
5 Panjenengane nuli ngandika marang wong-wong mau: “Sang Yehuwah kang dadi seksi marang kowe, lan kang dijebadi Panjenengane kang dadi seksi ing dina iki, yen kowe padha ora nemu apa-apa ana ing tanganku.” Wangsulane para wong mau: “Panjenenganipun dadosa seksi.”
6 Nabi Samuel banjur ngandika marang bangsa iku: “Sang Yehuwah dadia seksi, kang ngangkat Nabi Musa lan Imam Harun lan ngentasake leluhurmu saka ing tanah Mesir.
7 Mulane padha ngadega, ayo padha nyuwun pangadilan ana ing ngarsane Sang Yehuwah, bab sakehe kasaenane Sang Yehuwah kang wis ditandukake marang kowe lan marang leluhurmu.
8 Nalika Rama Yakub rawuh ana ing Mesir lan para leluhurmu padha sesambat marang Sang Yehuwah, nuli Sang Yehuwah ngutus Nabi Musa lan Imam Harun, kang ngirid para leluhurmu saka ing tanah Mesir sarta marengake padha manggon ana ing kene iki.
9 Nanging banjur padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan Panjenengane ngulungake para leluhurmu marang ing tangane Sisera, sena patine wadyabala ing Hazor, lan marang ing tangane bangsa Filisti lan ratu ing Moab kang padha nglurugi perang.
10 Nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, unjuke: Kawula sampun sami nglampahi dosa, amargi kawula sami nyingkur Sang Yehuwah lan ngabekti dhateng para Baal lan para Asytoret; sapunika kawula mugi sami Paduka luwari saking tanganipun mengsah kawula, kawula lajeng badhe ngabekti dhumateng Paduka.
11 Sawuse iku Sang Yehuwah ngutus Hakim Yerubaal, Barak, Yefta apadene Samuel, lan ngluwari kowe saka ing tangane mungsuh ing saubengmu, temah bisa tentrem pamanggonmu.
12 Nanging bareng kowe ndeleng, yen Sang Prabu Nahas, ratu ing Amon, nglurugi kowe, kowe nuli padha matur marang aku: Boten, wontena ratu ingkang ngereh kula; mangka Sang Yehuwah, Gusti Allahmu iku jumeneng dadi ratumu.
13 Mulane sawangen iku ratu, kang wis kokpilih lan kokjaluk. Lah Sang Yehuwah wus njumenengake ratu kang ngereh kowe,
14 janji kowe wedi-asih marang Sang Yehuwah ngabekti marang Panjenengane, ngrungokake pangandikane, sarta ora mbangkang marang dhawuhe Sang Yehuwah, lan kowe padha ngetutwuri Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe apadene ratu kang bakal ngereh kowe.
15 Nanging manawa kowe ora ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah, Sang Yehuwah bakal nglawan kowe lan ratumu.
16 Saiki terusna anggonmu padha ngadeg lan nyawanga prakara gedhe kang bakal ditindakake Sang Yehuwah ana ing ngarepmu.
17 Saiki rak lagi mangsane panen gandum? Aku bakal nyebut marang Sang Yehuwah, supaya Panjenengane paring gludhug lan udan. Padha sumurupa lan ngrumangsanana, yen gedhe pialamu kang koklakoni ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku anggonmu nyuwun ratu, kang ngereh kowe.”
18 Nabi Samuel banjur nyebut marang Sang Yehuwah, nuli Sang Yehuwah ing dina iku paring gludhug lan udan, temah wong sabangsa kabeh padha wedi marang Sang Yehuwah lan marang Nabi Samuel.
19 Wong sabangsa kabeh padha matur marang Nabi Samuel: “Panjenengan karsaa ndongakaken para abdi panjenengan dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, supados kula sampun ngantos sami pejah, amargi anggen kula nyuwun ratu, kula mewahi dosa kula, jalaran saking piawon punika.”
20 Lan Nabi Samuel ngandika marang bangsa iku: “Aja padha wedi, pancen kowe wus padha nglakoni piala iki, nanging aja kendhat anggonmu ngetutwuri Sang Yehuwah, malah anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah diklawan gumolonging atimu.
21 Aja nyleweng ngetutake dewa kang tanpa guna, lan ora ana paedahe, sarta kang ora bisa mitulungi kowe, amarga kabeh iku ora ana nyatane.
22 Ujer Sang Yehuwah ora bakal mbucal umate, amarga saka asmane kang agung. Sang Yehuwah rak wis marengake kowe dadi kagungane?
23 Mungguh ing aku, muga adoha saka ing dosa marang Sang Yehuwah, nganti leren anggonku ndongakake kowe; aku bakal nuduhake kowe marang dalan kang becik lan bener.
24 Mung bae kowe wedia marang Sang Yehuwah lan ngabektia klawan tumemen marang Panjenengane lan klawan gumolonging atimu, amarga sumurupa, sapira gedhene prakara-prakara kang katindakake ana ing antaramu.
25 Nanging manawa kowe ndlarung nglakoni ala, kowe bakal disirnakake, iya kowe iya ratumu.”