1 Samuel 22 JAV

Sang Dawud ana ing guwa Adulam

22:1-5

1 Sang Dawud banjur tindak saka ing kono lan ngungsi menyang ing guwa Adulam. Bareng sadherek-sadhereke padha krungu bab iku, padha mrono marani panjenengane.

2 Saben wong kang ngalami karubedan, wong dioyak-oyak ing utang, sadhengah wong kang lara atine, iku uga padha ngempal karo panjenengane. Sang Dawud dadi tetindhihe wong watara patang atus.

3 Saka ing kono Sang Dawud tindak menyang ing Mizpa ing tanah Moab lan matur marang ratu ing negara Moab: “Keparenga bapa saha biyung kawula manggen ing nagari dalem, ngantos kawula mangertos, punapa ingkang dados pangrehipun Gusti Allah dhateng kawula.”

4 Rama ibune banjur disowanake marang ing ngarsane ratu ing nagara Moab lan manggen ndherek Sang Prabu, sajrone Sang Dawud ngembara ana ing beteng ing gunung.

5 Nanging Nabi Gad matur marang Sang Dawud: “Panjenengan sampun wonten ing beteng redi punika, kula aturi jengkar lan kondur dhateng tanah Yehuda.” Sang Dawud nuli tindak menyang ing alas Kheret.

Para Imam ing Nob dipateni

22:6-23

6 Prakara iku kapiyarsa dening Sang Prabu Saul, amarga Sang Dawud lan wong kang padha ndherekake konangan panggonane. Dene Sang Prabu Saul ana ing Gibea, mbeneri lenggah ana ing ngisor wit esel ing tetengger, klawan ngasta towok lan kaadhep dening sakehing punggawane.

7 Sang Prabu nuli ngandika marang para punggawa kang padha ngadhep: “He para wong Benyamin, padha rungokna. Apa anake Isai uga arep ngwenehi sira kabeh pategalan lan pakebonan anggur, apa sira kabeh bakal didadekake tetindhihe bala sewu utawa satus,

8 dene sira kok padha sakuthon nglawan marang ingsun lan ora ana wong siji-sijia kang matur marang ingsun, yen putraningsun wus nganakake prajanjian karo anake Isai iku? Lan panunggalanira ora ana kang prihatin tumrap ingsun utawa ngaturi pirsa marang ingsun yen putraningsun ngojok-ojoki punggawaningsun nglawan marang ingsun sarta ngalang-alangi ingsun kaya saiki iki.”

9 Doeg, wong Edom kang anggone ngadhep ana ing sacedhake para punggawane Sang Prabu Saul banjur ngaturi wangsulan unjuke: “Kawula sumerep anakipun Isai punika dhateng ing griyanipun Imam Akhimelekh bin Ahitub ing Nob.

10 Piyambakipun neges dhateng Sang Yehuwah kangge Dawud lan nyangoni piyambakipun: ugi pedhangipun Goliat, tiyang Filisti punika dipun sukakaken.”

11 Sang Prabu nuli utusan nimbali Imam Akhimelekh bin Ahitub dalah sakulawargane, para imam kang ana ing Nob; kabeh iya banjur padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu.

12 Pangandikane Sang Prabu Saul: “Mara rungokna he anake Ahitub!” Unjuke: “Nuwun inggih , Gusti.”

13 Sang Prabu Saul banjur ndangu marang wong iku: “Geneya sira kok padha sakuthon karo anake Isai nglawan marang ingsun? Sira kok ngwenehi roti lan pedhang, sarta neges marang Gusti Allah kanggo wong iku, temah banjur mbalila marang ingsun lan dadi pepalang kaya dene saiki iki?”

14 Imam Akhimelekh nuli mangsuli unjuke: “Nanging sinten ing antawisipun para punggawa dalem ingkang pinitados kados Sang Dawud, tur dados mantunipun Sang Prabu saha mangagengi para pengawal dalem sarta kinurmatan wonten ing kraton dalem?

15 Punika boten namung nembe sapisan kemawon anggen kawula neges dhateng Gusti Allah kangge piyambakipun. Babar pisan boten!Sang Prabu mugi sampun ngantos kagungan pandakwa dhateng abdi dalem kawula, dalasan dhateng kulawarga kawula, amargi abdi dalem boten mangretos punapa-punapa menggah punika wau sadaya, inggih alita inggih agenga.”

16 Ewadene Sang Prabu ngandika: “Sira kudu kaukum pati, Akhimelekh, sira lan sakehe kulawarganira!”

17 Sang Prabu nuli ndhawuhi para prajurit kang ngadhep ana ing ngarsane: “Majua lan para imame Sang Yehuwah iku padha patenana, amarga padha mbyantu Dawud; amarga sanadyan wis padha ngreti, yen Dawud iku minggat ewadene ora padha ngaturi pirsa marang ingsun.” Nanging para punggawane Sang Prabu ora ana kang kumlawe tangane nempuh marang para imame Sang Yehuwah mau.

18 Sang Prabu nuli ngandika marang Doeg: “Kowe majua banjur nempuha marang para imam iku!” Doeg, wong Edom iku, banjur maju lan nempuh marang para imam iku. Ing dina iku Doeg mateni wong wolung puluh lima, kang padha aklambi efod lena.

19 Uga wong ing Nob kuthane imam iku, padha dipateni Sang Prabu klawan landheping pedhang lananga wadona, apadene bocah-bocah lan bayi suson, dalah sapi, kuldi lan wedhuse uga padha dipateni.

20 Nanging sawijining putrane Imam Akhimelekh bin Ahitub, kang jenenge Abyatar, iku bisa oncat lan lumayu sarta banjur dadi pandhereke Sang Dawud.

21 Nalika ngaturi pirsa marang Sang Dawud, manawa Sang Prabu Saul wus mateni para imame Sang Yehuwah,

22 Sang Dawud nuli ngandika marang Abyatar: “Pancen, ing dina iku aku weruh Doeg, wong Edom ana ing kana, aku wis ngira, yen wong iku mesthi bakal ngaturi uninga marang Sang Prabu Saul. Aku kang njalari patine kulawangsamu.

23 Tetepa melu aku, aja wedi, awit sing sapa ngarah nyawamu iku, uga ngarah nyawaku. Ana ing sandhingku kowe slamet.”

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 26 27 28 29 30 31