1 Samuel 16 JAV

Dawud kajebadan dadi ratu

16:1-13

1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Sapira lawase anggonira nandhang prihatin, marga saka Saul? Wong iku rak wus Suntampik anggone dadi ratune Israel? Wadhahira sungu isenana lenga lan mangkata. Sira Sunutus menyang ing omahe Isai, wong Betlehem, awit anake ana kang Sunpilih dadi ratu tumrap Ingsun.”

2 Nanging Nabi Samuel munjuk: “Kados pundi anggen kawula badhe mangkat? Manawi Sang Prabu Saul mireng bab punika, temtu kawula dipun pejahi.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Nggawaa sapi nom lan tutura: Tekaku iki arep nyaosake kurban marang Sang Yehuwah.

3 Tumuli Isai undangen supaya nekani upacara pangurbanan iku lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, apa kang wajib sira lakoni. Banjur wong kang Suntuding iku jebadana kagem Ingsun.”

4 Nabi Samuel nuli nindakake apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, lan rawuh ana ing kutha Betlehem. Para tuwa-tuwane kutha kono methukake Nabi Samuel kanthi gumeter lan matur: “Rawuh panjenengan punika punapa kanthi raharja?”

5 Wangsulane Nabi Samuel: “Iya mangkono! Tekaku iki arep saos kurban marang Sang Yehuwah. Padha sesucia lan nekanana upacara saos kurban iki karo aku.” Nabi Samuel banjur nucekake Isai dalah anak-anake lanang sarta ngulemi wong-wong iku marang ing upacara saos kurban mau.

6 Bareng padha lumebu, Nabi Samuel mirsani marang Eliab banjur mosik: “Lah wong kang bakal jinebadan saiki ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.”

7 Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”

8 Isai nuli ngundang Abinadab lan dikon lumaku liwat ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki iya ora dipilih dening Sang Yehuwah.”

9 Isai banjur ngundang Syama, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki uga ora dipilih dening Sang Yehuwah.”

10 Mangkono anggone Isai akon anake pitu lumaku liwat ana ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Iku kabeh ora ana kang dipilih dening Sang Yehuwah.”

11 Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Apa iki wis anakmu kabeh?” Wangsulane Isai: “Ingkang wuragil taksih kantun, nanging saweg angen menda.” Nabi Samuel dhawuh marang Isai: “Mara undangen amarga aku ora bakal kembul mangan, sadurunge iku teka mrene.”

12 Tumuli kongkonan methuk anake. Pasemone sumringah, mripate endah, warnane bagus. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ngadega jebadana, yaiku wonge!”

13 Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama.

Dawud ana ing kratone Sang Prabu Saul

16:14-23

14 Nanging Rohe Sang Yehuwah wis nilar Sang Prabu Saul lan saiki panjenengane dibidhung dening roh ala utusane Sang Yehuwah.

15 Para abdine tumuli padha munjuk: “Kauningana, roh awon utusanipun Gusti Allah mbidhung panjenengan dalem.

16 Prayoginipun Gusti kawula ndhawuhana para abdi dalem ingkang sowan wonten ing ngarsa dalem, ngupados tiyang ingkang baud nylempung. Samangsa roh awon utusanipun Gusti Allah ndhatengi panjenengan dalem, tiyang wau kadhawuhana nylempung, supados panggalih dalem kraos tentrem.”

17 Sang Prabu Saul banjur dhawuh marang para abdi: “Ingsun golekna wong kang baud nylempung, timbalana sowan ana ing ngarsaningsun.”

18 Sawenehing abdine ana kang munjuk: “Sajatosipun kawula nate sumerep salah satunggaling anakipun Isai, tiyang Betlehem, ingkang pinter nylempung. Tiyang punika prawira gagah prakosa, satunggaling prajurit, ingkang pinter wicara, warninipun bagus, lan Sang Yehuwah nunggil kaliyan piyambakipun.”

19 Sang Prabu Saul banjur utusan wong menyang ing omahe Isai kanthi piweling: “Anakira Dawud, pangoning wedhus-wedhusira, konen seba marang ing ngarsaningsun.”

20 Isai banjur njupuk kuldi dimomoti roti, anggur saimpes, lan cempe siji, iku nuli diaturake marang Sang Prabu Saul lumantar Dawud, anake.

21 Kaya mangkono dadine Dawud banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Saul lan didadekake abdine. Sang Prabu tresna banget marang Dawud lan didadekake juru ngampil gegamane.

22 Mulane Sang Prabu Saul nuli utusan wong marang ing omahe Isai kanthi piweling: “Cikben Dawud dadi abdiningsun, amarga ingsun seneng marang dheweke.”

23 Lan samangsa roh ala utusane Gusti Allah nyurupi Sang Prabu Saul, Dawud banjur njupuk clempunge dionekake; Sang Prabu Saul temah rumaos lega lan ngraosake kepenak, dene rohe kang ala ngunduri panjenengane.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 26 27 28 29 30 31