1 Senapati Dawud rawuh ana ing Nob murugi Imam Akhimelekh. Imam iku methukake Sang Dawud kanthi kaget, ature marang panjenengane: “Punapaa rawuh panjenengan kok piyambakan lan boten wonten ingkang ndherekaken?”
2 Wangsulane Sang Dawud marang Imam Akhimelekh: “Kula dipun paringi ayahan dening Sang Prabu kanthi piweling: Sapa-sapaa ora kena nyumurupi prakara kang dadi perlune sira sunutus lan kang sunbubuhake marang sira iku. Milanipun tiyang-tiyang kula sami kula ken dhateng wonten ing satunggaling panggenan.
3 Dene sapunika panjenengan kagungan punapa? Kula panjenengan sangoni roti gangsal iji utawi punapa kemawon ingkang wonten.”
4 Wangsulane Imam Akhimelekh marang Sang Dawud: “Kula boten gadhah roti limrah, ingkang wonten namung roti sengkeran; anggeripun tiyang-tiyang panjenengan sami cegah nggepok tiyang estri.”
5 Wangsulane Sang Dawud marang Imam iku: “Pancen kula sami boten kenging ngempali tiyang estri kados kala rumiyin-rumiyin, manawi kula sami mangsah perang. Badanipun tiyang kula sami suci, sanadyan namung kekesahan limrah, langkung malih ing dinten punika. Satunggal-tunggalipun sami suci badanipun.”
6 Imam Akhimelekh banjur ngaturi roti sengkeran, amarga ing kono ora ana roti liyane kajaba roti sesaosan; roti iku sabenere kalorod saka ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya ing dina iku disalini roti anyar maneh.
7 Ing dina iku uga kono ana sawijining punggawane Sang Prabu Saul, kang dipiji ngladeni Sang Yehuwah, jenenge Doeg, wong Edom, tetindhihe para pangone Sang Prabu Saul.
8 Sang Dawud ngandika marang Imam Akhimelekh: “Ing ngriki panjenengan punapa boten kagungan waos utawi pedhang? Amargi pedhang utawi dedamel kula boten kula bekta, amargi dhawuhipun Sang Prabu sarwi dadakan.”
9 Ature imam mau: “Pedhangipun Goliat tiyang Filisti ingkang panjenengan pejahi wonten ing Lebak Wit-Ela punika ingkang wonten ing ngriki, kaluruban ing sinjang, ing sawingkingipun efod punika. Manawi badhe panjenengan asta, mangga kula aturi mundhut; sanesipun boten wonten, namung punika.” Pangandikane Sang Dawud: “Boten wonten ingkang nyameni punika, pundi panjenengan paringaken dhateng kula.”
10 Sang Dawud nuli tata-tata lan banjur mangkat ing dina iku uga ngungsi saka ing ngarsane Sang Prabu Saul; tindake wus rawuh ing wewengkone Prabu Akhis, ratu-kutha ing Gat.
11 Para punggawane Prabu Akhis matur marang gustine: “Punapa punika sanes Dawud ratunipun nagari punika? Punapa punika sanes tiyangipun ingkang kangge sesindhenan saur-sauran kaliyan jejogedan makaten:Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon,nanging Sang Dawud nganti puluhan ewon?”
12 Sang Dawud nggatosake marang tembung iku, temah panjenengane ajrih banget marang Prabu Akhis, ratu-kutha ing Gat iku.
13 Mulane banjur memba wong kang owah ana ing pandelenge wong-wong iku sarta api-api edan ana ing sacedhake wong-wong iku; panjenengane nggrauti korining gapura lan ilere diumbar dleweran ana ing jenggote.
14 Prabu Akhis banjur ngandika marang para punggawane: “Apa sira padha ora weruh, yen iku wong edan? Apa perlune wong iku sira gawa mrene?
15 Apa ingsun kekurangan wong edan, nganti wong iki sira ladekake marang ing mgarsaningsun, apa supaya mamerake edane marang ingsun? Apa pantes wong kang kaya mengkono mlebu ing kratoningsun?”