1 Bareng Nabi Samuel wis sepuh, putrane kakung diangkat dadi hakime wong Israel.
2 Asmane putrane kang pembajeng Yoel lan kang panenggak Abia, sakarone dadi hakim ana ing Bersyeba.
3 Nanging putrane iku tindak-tanduke ora kaya ramane, mburu kauntungan, nampani besel lan ndhoyongake pangadilan.
4 Mulane para tuwa-tuwane Israel padha ngumpul banjur sowan marang ngarsane Nabi Samuel ing Rama,
5 sarta matur: “Panjenengan sampun sepuh lan putra-putra panjenengan tindak-tandukipun boten kados panjenengan; milanipun mugi kaparenga njumenengaken ratu ingkang ngereh kula kados dene bangsa sanes-sanesipun.”
6 Nalika padha matur: “Kula mugi kaparingana ratu ingkang ngereh kula,” tembung iku ora dadi renane Nabi Samuel, mulane Nabi Samuel banjur ndedonga marang Sang Yehuwah.
7 Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Samuel: “Turutana panyuwune bangsa iku ing bab sakehing prakara kang diaturake marang sira, amarga dudu sira kang ditampik, nanging Ingsun kang ditampik supaya aja ngratoni maneh marang bangsa iku.
8 Ora siwah karo kang ditandukake marang ingsun, wiwit nalika Sunentasake saka ing tanah Mesir tumeka saprene, yaiku anggone nyingkur marang Ingsun lan ngabekti marang allah liyane, mengkono uga kang katandukake marang sira.
9 Mulane turutana panyuwune, mung bae elingna temenan lan cethakna mungguh wewenange ratu, kang bakal ngereh.”
10 Lan Nabi Samuel ngluntakake sakehing pangandikane Sang Yehuwah marang bangsa, kang padha nyuwun ratu iku,
11 pangandikane: “Iki kang dadi wewenange ratu kang bakal ngereh kowe: anak-anakmu lanang padha dipundhut didadekake bala kretan lan jaranan, lan bakal lumayu ana ing ngarepe kreta titihane;
12 panjenengane bakal ngangkat wong-wong iku dadi panggedhening bala sewu lan panggedhene bala seket; bakal padha nggarap pategalane lan ngeneni kagem panjenengane; nggawekake gegaman lan pirantining kretane.
13 Anak-anakmu wadon bakal padha kapundhut dadi juru nyampur bumbon wangen, dadi padang lan juru ngolah dhaharan.
14 Sabanjure saka pategalanmu, pakebonanmu anggur lan jaitun bakal dipundhuti kang becik dhewe lan diparingake marang para punggawane,
15 Gandum lan wohing pakebonanmu anggur bakal kapundhutan saprasepuluhe lan diparingake marang para punggawa ing kratone lan punggawa-punggawa liyane.
16 Baturmu lanang lan wadon, rajakayamu kang becik dhewe lan kuldi-kuldimu bakal dipundhuti lan dimegawekake.
17 Wedhus-wedhusmu bakal dipundhut kang saprasepuluhe, lan kowe dhewe bakal padha dadi abdine.
18 Ing wektu iku kowe bakal padha sesambat jalaran saka ratu pilihanmu, nanging Sang Yehuwah ora bakal paring wangsulan marang kowe.”
19 Nanging bangsa iku ora gelem ngrungokake marang pangandikane Nabi Samuel, malah kawetu ature: “Boten kedah wonten ratu ingkang ngereh kula;
20 kula sageda nyameni bangsa-bangsa sanes; ratu kula badhe ngakimi kula lan mimpin kula wonten ing peperangan.”
21 Sawise Nabi Samuel miyarsa sakehing ature bangsa iku banjur munjuk bab iku marang Sang Yehuwah.
22 Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Samuel: “Panyuwune turutana, lan ngadegna ratu kanggo wong-wong iku.” Nabi Samuel banjur ngandika marang wong Israel: “Wis padha muliha, menyang kuthamu dhewe-dhewe!”