1 Wong Filisti ngumpulake wadyabala arep nglurug perang; anggone ngumpul ana ing Sokho ing tanah Yehuda lan ngadegake kemah ana ing antarane Sokho lan Azeka ing Efes-Damim.
2 Sang Prabu Saul lan wong Israel uga padha ngumpul lan ngadegake kemah ana ing Lebak Wit-Ela sarta padha nata gelaring perang andhep-adhepan karo wong Filisti.
3 Wong Filisti mapan ana ing gunung sisih kene lan wong Israel ana ing sisih kana, ing antarane ana lebak.
4 Tumuli ana agul-agule bala Filisti kang metoni, jenenge Goliat wong ing Gat. Dedege nem asta sakilan.
5 Nganggo topong tembaga ana ing sirahe, lan nganggo klambi kere mawa sisik, boboting klambine kere limang ewu sekel tembaga.
6 Garese nganggo tebeng tembaga, manggul tumbak tembaga ing pundhake.
7 Garaning tumbake sagulungan tenunan, lan wilahe tumbake wesi bobote nem atus sekel. Ana juru nggawa tameng lumaku ing ngarepe.
8 Wong iku banjur ngadeg lan sesumbar marang barisan Israel, pangucape: “Apa perlune kowe ngetoni nata gelaring perang? Aku iki rak wong Filisti lan kowe padha bature Saul? Miliha wong siji, kareben mudhun mapagage perangku.
9 Yen wong iku bisa menang perange tandhing karo aku lan ngasorake aku, aku bakal padha ngawula marang kowe. Nanging yen aku bisa unggul lan ngalahake dheweke, kowe bakal padha dadi kawulaku lan teluk marang bangsaku.”
10 Wong Filisti mau celathu maneh: “Ing dina iki aku nantang barisan Israel, ngajokna wong siji supaya aku perang tandhing ijen padha ijen.”
11 Bareng Sang Prabu Saul lan sakehe bangsa Israel krungu tembunge wong Filisti iku, atine padha kekes lan banget giris.
12 Dawud iku anake wong Efrata, ing Betlehem-Yehuda, kang aran Isai. Isai duwe anak lanang wolu. Nalika jumenenge Sang Prabu Saul wong iku wis tuwa lan akeh umure.
13 Anake Isai lanang telu, kang gedhe-gedhe wis maju perang ndherek Sang Prabu Saul, anake telu kang mangkat perang iku arane: Eliab kang pembarep, kang penggulu: Abinadab lan kang pendhadha: Syama.
14 Dene wuragile: Dawud. Dadine anake lanang-lanang telu kang gedhe-gedhe padha ndherek Sang Prabu Saul.
15 Anadene Dawud iku saben-saben mulih menyang ing omahe sawise seba marang ing ngarsane Sang Prabu Saul, banjur ngengon wedhuse bapakne ana ing Betlehem.
16 Wong Filisti iku tansah metoni lan nyedhak ing wayah awan lan sore. Mangkono anggone tansah metoni nganti patang puluh dina lawase.
17 Isai celathu marang Dawud, anake: “Njupuka emping gandum iki saefa lan roti sepuluh iki kanggo kakang-kakangmu, enggal-enggal eterna menyang ing pakemahan, wenehna kakang-kakangmu.
18 Lan keju kang sepuluh iki caosna marang panggedhene wadya-bala sewu. Takokna kaslametane kakang-kakangmu lan ulihmu nggawaa pratandha saka kana.
19 Sang Prabu Saul lan sakehe wong Israel padha ana ing Lebak Wit-Ela lagi perang nglawan bala Filisti.”
20 Ing wayah umun-umun Dawud wis tangi, masrahake wedhus-wedhuse marang wong jaga, mikul gegawane lan banjur mangkat kaya kang kaprentahake dening Isai. Tekane ing pakemahan pinuju wadya-bala lagi budhal lan nata pabarisan sarta padha surak rame alok-alok perang.
21 Wadya-bala Israel lan Filisti padha nata barise adhep-adhepan.
22 Dawud banjur nyelehake gegawane lan dipasrahake marang prajurit kang jaga barang-barange wadya-bala. Dawud banjur lumayu menyang ing pabarisan; satekane ing kana nakokake mungguh kaslametane para sadulure.
23 Nalika lagi padha guneman, agul-agule bala Filisti mau maju, arane Goliat, wong Filisti saka ing Gat, metu saka pabarisane bala Filisti sarta ngumbar swara kaya sing uwis-uwis, kang keprungu dening Dawud.
24 Bareng sakehe wong Israel ndeleng wong iku padha lumayu mundur saka ngarepe, amarga saka wedine.
25 Pangucape wong Israel iku: “Apa kowe wis tau tumon wong kang maju iku? Sanyatane anggone maju iku prelu ngala-ala wong Israel! Wong kang bisa ngalahake dheweke bakal kaparingan ganjaran gedhe, arep ditrimani putrane putri Sang Prabu lan kulawargane bakal ora susah mbayar pajeg ana ing Israel.”
26 Dawud banjur kandha marang wong kang padha ana ing sandhinge: “Badhe tampi ganjaran punapa tiyang ingkang saged ngawonaken tiyang Filisti punika lan ngicali kalingsemanipun bangsa Israel? Sinten ta tiyang Filisti ingkang boten tetak punika, dene ngantos kamipurun nyepelekaken barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang?”
27 Rakyat iya banjur mangsuli nganggo tembung kang kasebut ing dhuwur mau: “Iku kang bakal kaganjarake marang wong kang ngalahake dheweke.”
28 Nalika Eliab, kakangne kang tuwa dhewe, krungu tembunge Dawud marang para wong iku, Eliab nepsu marang Dawud, karo muni: “Apa perlune kowe teka mrene? Lan wedhusmu kang mung loro telu kang ana ing pasamunan iku kokpasrahake sapa? Aku ngreti watakmu bab kadukwanimu lan alaning atimu: tekamu mrene iki rak mung arep nonton perang ta?”
29 Nanging Dawud mangsuli: “Aku iki ngapa ta? Aku rak mung takon ta?”
30 Nuli minger ninggal kakangne lan nakokake kang kaya mangkono iku marang wong liyane. Lan rakyat wangsulane iya padha bae kaya mau.
31 Tembung kang kaucapake Dawud iku keprungu ing wong, banjur diaturake marang Sang Prabu Saul. Lan Sang Prabu nuli utusan nimbali.
32 Dawud matur marang Sang Prabu Saul: “Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika. Abdi dalem badhe mengsah nandhingi tiyang Filisti punika.”
33 Nanging Sang Prabu ngandika marang Dawud: “Mokal sira bisa nandhingi wong iki, amarga sira iku isih anom, mangka wong iku wiwit enom wis dadi prajurit.”
34 Nanging Dawud matur marang Sang Prabu: “Abdi dalem punika sampun kulina ngengen menda-mendanipun bapakipun dalem. Samangsa kadhatengan singa utawi bruwang, ingkang nubruk menda saking pepanthan,
35 nunten dalem oyak lan menda wau dalem rebat saking cangkemipun. Lajeng manawi nempuh nglawan dhateng dalem, dalem cepeng jenggotipun sarta dalem gebagi ngantos pejah.
36 Dados singa utawi bruwang wau sami dalem gebagi. Lan tiyang Filisti ikutan punika ugi badhe nemahi kados dene salah satunggalipun kewan punika, awit dene sampun ngawon-awon barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang.”
37 Dawud matur maneh: “Sang Yehuwah, ingkang sampun ngluwari kawula saking cengkeremanipun singa utawi bruwang punika, Panjenenganipun ugi badhe ngluwari kawula saking tanganipun tiyang Filisti punika.” Sang Prabu banjur ngandika: “Iya wis mangkata! Sang Yehuwah muga nganthia lakunira.”
38 Sang Prabu banjur nganggokake pangagemane perang marang Dawud, sirahe dianggoni topong tembaga, lan dianggoni klambi kere.
39 Dawud nuli nyabukake pedhange ing jabane sandhangane perang, banjur njajal lumaku, amarga durung tau manganggo kaya mangkono. Dawud banjur matur marang Sang Prabu: “Kawula boten saged mlampah, ngangge sandhangan punika awit dereng nate ngangge.” Wasana sandhangane dirucati.
40 Dawud banjur nyangking tekene, milih watu klimis-klimis limang iji saka ing dhasare kali, dilebokake ing kasang pangon, kang digawa, yaiku wadhah watu lan bandhile dicangking. Mangkono anggone Dawud mapagake wong Filisti iku.
41 Wong Filisti iku sangsaya nyedhak marang Dawud lan wong kang nggawa tameng ana ing ngarepe.
42 Nalika wong Filisti iku mulat lan ndeleng Dawud, Dawud diremehake, amarga anom sumringah lan bagus.
43 Wong Filisti iku celathu marang Dawud: “Aku iki apa koksengguh asu, dene anggonmu mapagake perangku nganggo teken?” Tumuli atas jenenge para allahe wong Filisti, ngipat-ipati Dawud.
44 Wong Filisti iku celathu marang Dawud maneh: “Papagna perangku, aku bakal makakake dagingmu marang manuk-manuk ing awang-awang lan satokewan ing ara-ara.”
45 Nanging Dawud celathu marang wong Filisti iku: “Anggonmu mapagake aku kalawan nggawa pedhang lan tumbak sarta tlempak, nanging aku methukake kowe atas asmane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi Gusti Allahe Israel, kang koktantang iku.
46 Ing dina iki uga Sang Yehuwah bakal masrahake kowe marang ing tanganku lan aku bakal ngasorake kowe sarta nugel gulumu; ing dina iki uga aku bakal makakake bathangmu lan bathange bala Filisti marang manuk-manuk ing awang-awang lan marang kewan galak, supaya salumahing bumi padha sumurupa, yen Israel duwe Allah.
47 Lan wong sapasamuwan padha ngretia, manawa Sang Yehuwah anggone mitulungi ora mawa pedhang lan tlempak. Amarga peperangan iku ana ing astane Sang Yehuwah lan Panjenengane masrahake kowe ana ing tanganku.”
48 Bareng wong Filisti iku mangsah mapagake Dawud, Dawud enggal-enggal mlayu marani barisaning mungsuh mapagake wong Filisti iku.
49 Dawud banjur ngrogoh watu ana ing kasange lan dibandhilake, ngenani bathuke wong Filisti iku, temah watune angrem ana ing bathuke, wong mau banjur tiba kerungkeb ana ing bumi.
50 Mangkono anggone Dawud ngasorake wong Filisti iku nganggo bandhil lan watu; Dawud ngasorake lan mateni wong Filisti iku tanpa nyekel pedhang.
51 Dawud banjur mlayoni wong Filisti iku, ngadeg ing sandhinge, pedhange diunus saka warangkane, wong mau banjur dipateni. Sirahe ditigas karo pedhang iku. Bareng wong Filisti padha ndeleng, yen agul-agule wus mati, nuli padha mlayu.
52 Wong Israel lan wong Yehuda padha gumregah karo surak-surak lan banjur mbujeng wong Filisti nganti tekan ing sacedhake Gat lan gapurane Ekron. Lan wong kang padha dipateni saka panunggalane bangsa Filisti pating glimpang ana ing dalan kang anjog ing Saaraim, tekan ing Gat lan ing Ekron.
53 Wong Israel banjur padha mulih saka anggone ngoyak-oyak wong Filisti kang ngebat-ebati iku, banjur njarah rayah pakemahane.
54 Dawud njupuk sirahe wong Filisti kang ditugel iku digawa menyang Yerusalem, nanging gegamane didokok ana ing kemahe.
55 Nalika Sang Prabu Saul mirsa Dawud mangsah mapagake wong Filisti iku, Sang Prabu ndangu marang Sang Abner, senapatine perang: “Wong anom iku anake sapa, Abner?” Atur wangsulane Senapati Abner: “Demi asma dalem ingkang gesang, dhuh Sang Prabu, sayektosipun kawula boten mangertos.”
56 Sang Prabu nuli ngandika; “Dangunen, wong anom iku anake sapa?”
57 Sawise Dawud bali saka nggone ngalahake wong Filisti mau, Senapati Abner nimbali dheweke kasowanake ing ngarsane Sang Prabu Saul, klawan isih nyangking sirahe wong Filisti iku.
58 Pandangune Sang Prabu Saul: “He wong anom, sira iku anake sapa?” Atur wangsulane Dawud: “Kawula punika anakipun abdi dalem Isai, tiyang ing Betlehem.”