1 Sawise pitung sasi lawase anggone pethi prajanjiane Sang Yehuwah ana ing wewengkone wong Filisti,
2 wong Filisti nglumpukake para imam lan juru tenung, pangucape: “Pethining prajanjianipun Sang Yehuwah punika kedah dipun punapakaken? Kula mugi panjenengan ngandikani kados pundi anggenipun mangsulaken pethi punika dhateng panggenanipun.”
3 Wangsulane wong-wong iku: “Manawi badhe mangsulaken pethining Allahipun Israel punika, sampun dipun wangsulaken kanthi nglaha, panjenengan kedah ngaturaken tebusaning kalepatan dhateng Panjenenganipun; panjenengan lajeng badhe sami saras lan badhe mirsa, punapa sebabipun, dene astanipun boten mundur saking panjenengan.”
4 Wong-wong mau nuli takon: “Tebusaning kalepatan, ingkang kedah kula caosaken punika punapa?” Wangsulane: “Sami kaliyan cacahipun ratu-kitha ing Filisti, wudun emas gangsal, tuwin tikus emas gangsal, awit ingkang tumempuh dhateng panjenengan sadaya saha para ratu-kitha panjenengan punika kacilakan ingkang sami.
5 Milanipun kadamelna pepethan wudun-wudun panjenengan tuwin pepethan tikus, ingkang ngrisak pasiten panjenengan, saha ngaturna kurmat panjenengan dhateng Gusti Allahipun Israel. Bokmanawi Panjenenganipun lajeng badhe ngunduraken astanipun ingkang awrat pametekipun punika saking panjenengan, saking allah panjenengan saha saking pasiten panjenengan.
6 Punapa ta sebabipun, dene panjenengan sadaya kok sami mangkotaken panggalih, kadosdene tiyang Mesir saha Prabu Pringon? Punika rak sami ngetogaken kemawon, nalika bangsa punika kesah, inggih punika rikala Panjenenganipun damel dolanan tiyang-tiyang wau?
7 Milanipun sami kula aturi mundhut saha nyawisaken kareta enggal saha lembu sarakit ingkang saweg nesepi, ingkang dereng nate dipun etrapi pasangan, lembu wau lajeng sami karakitna ing kareta punika, dene pedhetipun kabektaa mantuk, supados boten tumut.
8 Sasampunipun makaten, pethining Yehuwah kaemotna ing kareta. Barang-barang emas ingkang kedah kacaosaken dhateng Panjenenganipun minangka tebusaning kalepatan, punika kalebetna ing pethi, lajeng kaselehna ing sandhingipun pethining Yehuwah wau. Pethi wau lajeng kajengipun kesah.
9 Nunten sami migatosna: manawi pethi punika medal margi ingkang ngener dhateng ing dhaerahipun, dhateng ing Bet-Semes, punika ateges bilih Panjenenganipun ingkang sampun ndhatengaken kasangsaran ingkang nggegirisi punika dhateng kita. Dene manawi boten makaten, kita lajeng mangretos, bilih sanes astanipun ingkang nempuh kita; namung kapinujon kemawon bab wau tumanduk dhateng kita!”
10 Wong mau iya banjur nindakake mangkono. Padha njupuk sapi kang nusoni sarakit, dirakitake ana ing karetane, nanging pedhete dicancang ana ing ngomah.
11 Pethine Sang Yehuwah diemotake ing kareta iku, apadene pethi kang isi tikus-tikusan lan pepethaning wudun emas.
12 Sapi-sapi iku terus bae metu ing dalan kang anjog ing Bet-Semes, ngliwati ratan gedhe karo mbengah sarta ora menggok nengen utawa ngiwa, dene para ratu-kuthane wong Filisti iku padha tindak ngetutake lakune nganti tutug ing tlatah Bet-Semes.
13 Para wong ing Bet-Semes lagi padha ngeneni gandum ana ing lebak. Bareng padha ndengengek weruh pethi mau lan padha bungah atine.
14 Karetane iku teka ing pategalane Yusak, wong ing Bet-Semes lan mandheg ana ing kono. Ing kono ana watu gedhe. Wong iku padha nyigari kayune kareta mau lan sapine disaosake minangka kurban obaran marang Sang Yehuwah.
15 Para wong Lewi padha ngudhunake pethine Sang Yehuwah, dalah pethi ing sandhinge kang isi barang mas-masan, banjur ditumpangake ing watu gedhe iku, lan ing dina iku para wong ing Bet-Semes padha nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Sang Yehuwah.
16 Bareng para ratune kutha wong Filisti lima-limane padha mirsa prakara iku, ing dina iku uga padha kondur bali menyang ing Ekron.
17 Dene pepethaning wudun emas kang disaosake wong Filisti marang Sang Yehuwah minangka tebusaning kaluputan: saka Asdod siji, saka Gaza siji, saka Askelon siji, saka Gat siji, saka Ekron siji.
18 Mangkono uga tikus-tikusan emas, manut cacahe sakehing kutha-kuthane wong Filisti, kagungane para ratu-kutha lelima iku, iya kutha kang abebeteng iya desa-desa ing saubenge; dene watu gedhe kang ditumpangi pethine Sang Yehuwah ing pategalane Yusak, wong ing Bet-Semes mau, iku dadi seksi tumeka saprene.
19 Lan Panjenengane ngukum pati wong Bet-Semes sawetara, awit padha ngungak ing jerone pethine Sang Yehuwah; Panjenengane mejahi wong pitung puluh, rakyat ing kono. Wong-wong ing kono padha prihatin, amarga Sang Yehuwah wus ndhawahake wewelak kang ngebat-ebati marang wong-wong iku.
20 Lan wong ing Bet-Semes padha ngucap: “Sapa ta kang betah adu arep karo Sang Yehuwah, Gusti Allah kang suci iku? Menyang ngendi bakal tindake sawise nilar kita iki?”
21 Tumuli padha kongkonan marani wong ing Kiryat-Yearim karo diweling mangkene: “Para wong Filisti wis ngulihake pethine Sang Yehuwah; padha tekaa lan pethine gawanen menyang panggonanmu.”