1 Nuju sawijining dina Pangeran Yonatan, putrane Sang Prabu Saul ngandika marang abdine juru ngampil gegamane: “Payo padha nyabrang nyedhaki bala pangawale wong Filisti kang mapan ana ing sisih kana.” Nanging ora ngaturi pirsa marang ramane.
2 Ana dene Sang Prabu Saul lenggah ana ing tapel-watese Gibea ing sangisore wit dlima kang ana ing Migron. Lan wong akeh kang ndherek Sang Prabu Saul kehe kira-kira wong nem atus.
3 Imam Ahia bin Ahitub, sadhereke Imam Ikabod, bin Pinehas, putrane Imam Eli, imame Sang Yehuwah ing Silo, panjenengane kang ngagem efod ing wektu semana. Nanging wong akeh ora ngreti mungguh tindake Pangeran Yonatan.
4 Ing lowahane pagunungan kang diangkah arep disabrangi Pangeran Yonatan menyang panggonane bala pangawale wong Filisti ana pongole gunung parang ing sisih kene lan ing sisih kana: kang siji aran Bozes, sijine aran Sene.
5 Pongol kang siji menthongol ing sisih lor ngadhepake Mikhmas, sijine ing sisih kidul ngadhepake Geba.
6 Pangeran Yonatan ngandika marang abdine kang ngampil gegaman iku: “Payo padha nyabrang nyedhaki bala pangawale wong-wong kang ikuten iku. Bokmanawa Sang Yehuwah nyarirani perang kita, amarga tumrap Sang Yehuwah gampang bae mitulungi, dadia karo wong akeh, dadia karo wong sathithik.”
7 Atur wangsulane abdi kang ngampil gegaman: “Sumangga panjenengan dalem tindakaken sakarsa dalem, adalem namung ndherek kemawon.”
8 Pangandikane Pangeran Yonatan: “Dingati-ati, kita padha nyabrang nyedhaki lan ngaton marang wong-wong iku.
9 Manawa kandhane marang kita mangkene: Mandhega nganti aku padha nekani kowe, nuli kita mandheg ing panggonan iku lan ora munggah marani wong-wong iku.
10 Nanging manawa kandhane mangkene: Munggaha mrene, kita bakal munggah, amarga yen mangkono Sang Yehuwah wus ngulungke wong-wong iku marang tangan kita. Iku pratandhane kanggo kita.”
11 Bareng sakarone ngaton marang bala pangawale wong Filisti, guneme wong Filisti mau: “Delengen, para wong Ibrani padha metu saka ing guwa pandhelikane.”
12 Wong-wong bala pangawale wong Filisti padha nguwuh-uwuh marang Pangeran Yonatan lan kang ngampil gegamane, pangucape: “Munggaha mrene, aku arep padha ngajar kowe.” Pangeran Yonatan banjur ngandika marang abdine kang ngampil gegaman: “Munggaha, ngetutna aku, amarga Sang Yehuwah wus ngulungake wong-wong iku marang tangane wong Israel.”
13 Pangeran Yonatan banjur krekelan munggah, kadherekake dening abdine. Wong iku padha mati katempuh dening Pangeran Yonatan, dene abdine juru ngampil gegaman, kang mateni wong-wong iku saka ing buri.
14 Kasoran kang kapisan kang kelakon marga saka panempuhe Pangeran Yonatan lan abdine kang ngampil gegaman kang oleh pepati kira-kira wong rong puluh, iku kelakone ana ing wewengkon kang dohe watara setengah palukon ing pategalan.
15 Tumuli tuwuh pagiris ing pakemahan, ing ara-ara lan ing antarane rakyat kabeh. Uga para prajurit pangawal lan tukang ngrayah padha giris lan bumi nganti gonjing, temah nganakake pagiris kang saka Gusti Allah.
16 Bareng para prajurite jaga-baya Sang Prabu Saul ing Gibea-Benyamin weruh kang mangkono iku -- lan wong padha ribut lumaku mrana-mrene kaya alun kang ngombak-ombak mrana-mrene. --
17 Sang Prabu ngandika marang bala kang padha ndherek panjenengane: “Niti-priksaa pabarisan, sapa kang ora ana.” Banjur padha niti-priksa lan kasumurupan yen Pangeran Yonatan karo abdine juru ngampil gegaman ora ana.
18 Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Imam Ahia: “Klambine efod gawanen mrene!” Amarga ing wektu samana Imam Ahia kang nganggo efod ana ing antarane bangsa Israel.
19 Nanging nalika Sang Prabu Saul lagi wawan sabda karo imam iku, saya kisruh kaanane ing pakemahane bangsa Filisti, temah Sang Prabu Saul ngandika maneh marang imam iku: “Togna bae!”
20 Sang Prabu Saul lan sakehe wong kang ndherek panjenengane banjur padha ngumpul; bareng padha tekan ing papan paperangan, katon kabeh wong padha pedhang-pinedhang, ndadekake geger puyengan.
21 Apa maneh wong Ibrani kang wus lawas manggon amor karo bangsa Filisti sarta kang wus melu maju perang awor karo wadya-balane padha mbalik ngiloni para wong Israel, kang padha ndherek Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan.
22 Malah, bareng sakehing wong Israel kang padha umpetan ing pagunungan Efraim krungu, yen bangsa Filisti padha keplayu, para wong iku padha manunggal ana ing paprangan.
23 Mangkono anggone Sang Yehuwah mitulungi wong Israel ing dina iku. Peperangan iku ngambra-ambra nganti ngliwati Bet-Awen.
24 Bareng wong Israel padha kesuk ing dina iku, Sang Prabu Saul dhawuh marang rakyat supaya ngucapake ipat-ipat, pangandikane: “Kenaa ing ipat-ipat wong kang mangan apa-apa sadurunge srengenge angslup lan sadurunge males ukum marang mungsuhku.” Mulane ora ana wong siji-sijia kang mangan apa-apa.
25 Lakune bala akeh iku tekan ing alas lan ing kono ana madu ing lemah.
26 Bareng rakyat tekan ing alas mau, katon ana madu mili ana ing kono, nanging ora ana wong siji-sijia kang ndulit srana drijine lan banjur kacecep, amarga rakyat iku padha wedi marang supatane mau.
27 Mung Pangeran Yonatan ora miyarsa manawa ramane wus dhawuh supata marang wong akeh. Panjenengane ngacungake teken kang ana ing astane lan pucuke dicelupake ing tala madu; nuli ndulit karo astane kacecep, temah tingale dadi padhang.
28 Tumuli ana salah sawijining wong saka ing antarane rakyat iku, kang ngucap mangkene: “Rama dalem sampun ndawuhi rakyat supados supaos kalayan saestu, pangandikanipun: Kenaa ing ipat-ipat wong kang mangan apa-apa ing dina iki; milanipun tiyang kathah sami sayah lan lemes.”
29 Pangeran Yonatan banjur ngandika: “Kanjeng rama gawe cilakane negara mara delengen, mripatku dadi padhang banget, sabubare aku ngicipi madu sathithik iki.
30 Apamaneh, saupama wong akeh ing dina iki diparengake mangan sawarege saka oleh-olehane rayahaning mungsuh! Nanging saiki ora sapiraa kalahe bangsa Filisti.”
31 Ing dina iku wong Israel wis ngalahake bangsa Filisti saka ing Mikhmas tutug ing Ayalon. Rakyat wis sayah lan nglentrih banget,
32 mulane padha nempuh rayahane, padha njupuk wedhus, sapi lan pedhet, iku padha disembelehi mangkono bae ana ing lemah lan dipangan sagetihe.
33 Bab iku nuli diaturake marang Sang Prabu Saul, unjuke: “Kauningana, rakyat sami lampah dosa wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, inggih punika anggenipun nedha dalah saerahipun.” Sang Prabu Saul banjur ngandika: “Kowe padha laku cidra, padha ngglundhungna watu gedhe mrene, saiki uga.”
34 Sang Prabu Saul nuli ngandika maneh: “Padha midera ing satengahing rakyat lan padha kandhanana: Saben wong nggawaa sapine utawa wedhuse marang ing ngarsaku, iku belehen ing kene, kowe nuli kena mangan. Nanging aja nglakoni dosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku mangan sagetihe.” Wong kabeh nuli padha nuntun sapine mrana ing bengi iku lan disembeleh ana ing kana.
35 Sang Prabu Saul banjur yasa misbyah sumaos marang Sang Yehuwah, yaiku wiwitane ana misbyah sumaos marang Sang Yehuwah.
36 Sang Prabu Saul ngandika maneh: “Payo kita padha mburu wong Filisti ing bengi iki, lan njarahi nganti bangun esuk sarta aja ana kang diuripi siji-sijia.” Ature wong akeh iku: “Sumangga katindakna punapa ingkang kagalih prayogi.” Nanging ature imam: “Sumangga sami sowan dhateng ing ngarsanipun Sang Yehuwah rumiyin.”
37 Sang Prabu banjur neges marang Gusti Allah, unjuke: “Punapa kawula kepareng mbujeng tiyang Filisti punika? Punapa Paduka badhe masrahaken tiyang-tiyang punika dhateng ing tanganipun tiyang Israel?” Nanging ing dina iku Panjenengane ora paring wangsulan marang Sang Prabu Saul.
38 Sang Prabu Saul banjur ngandika: “He sakehing panggedhening rakyat padha majua mrene; padha titipriksanen apa jalarane dosa kang kelakon ing dina iki.
39 Amarga demi asmane Sang Yehuwah, kang gesang, kang mitulungi Israel, sanadyan kang njalari iku putraku Yonatan, iku mesthi bakal kaukum pati!” Nanging ing antarane rakyat ora ana wong siji-sijia kang ngaturi wangsulan.
40 Wasana Sang Prabu Saul ngandika marang sakehe wong Israel: “Kowe padha ngadega ana ing sisih kana, dene aku lan putraku Yonatan ana ing sisih kene.” Wong akeh banjur munjuk marang Sang Prabu Saul: “Sumangga katindakna, punapa ingkang kagalih prayogi.”
41 Sang Prabu Saul banjur matur mangkene: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, kenging punapa Paduka boten karsa paring wangsulan dhumateng abdi Paduka ing dinten punika? Manawi kalepatan punika dumunung wonten ing kawula utawi anak kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka tedahna Urim punika, nanging manawi kalepatan punika dumunung wonten ing umat Paduka Israel, Paduka tedhahna Tumim.” Nuli kang katuding Pangeran Yonatan lan Sang Prabu Saul, nanging wong akeh temah bebas.
42 Pangandikane Sang Prabu: “Uncalna undhine kanggo antarane aku lan putraku Yonatan.” Nuli kang katuding Pangeran Yonatan.
43 Pangandikane Sang Prabu marang Yonatan: “Matura marang aku apa kang koklakoni.” Pangeran Yonatan nuli matur marang Sang Prabu mangkene: “Pancen, kawula sampun ngicipi raosipun maben sakedhik, ingkang wonten ing pucuking teken ingkang kawula cepeng. kawula sandika nglampahi paukuman pejah.”
44 Pangandikane Sang Prabu Saul: “Aku muga diganjara paukuman dening Gusti Allah mangkene, malah luwiha saka iku! Lah Yonatan kowe kudu mati.”
45 Nanging wong akeh padha munjuk marang Sang Prabu Saul: “Kenging punapa Pangeran Yonatan kedah kasedanan? Rak panjenenganipun ingkang angsal kaunggulan ageng wonten ing Israel. Punika sampun ngantos kelampahan! Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, remanipun saeler kemawon sampun ngantos dhawah ing siti! Amargi saking pitulunganipun Sang Yehuwah ugi prakawis punika kelampahan ing dinten punika.” Mengkono wong akeh anggone nguwalake Pangeran Yonatan, temah ora kasedanan.
46 Sawuse Sang Prabu Saul mbujeng wong Filisti, banjur kondur, menyang ing daleme maneh, dene wong Filisti iya nuli padha mulih menyang ing omahe.
47 Sawuse Sang Prabu Saul jumeneng ratu, ngereh Israel panjenengane banjur mangsah perang nglawan sakehe mungsuhe ing ngendi-endi, yaiku: Moab, bani Amon, Edom, para ratu ing tanah Zoba lan wong Filisti. Lan menyanga ngendia bae pangluruge mesthi unggul.
48 Panjenengane nindakake pakaryan kang linuwih, ngasorake wong Amalek lan ngluwari Israel saka ing tangane kang padha njarahi.
49 Putra-putrane kakung Sang Prabu Saul, yaiku Pangeran Yonatan, Yiswi lan Malkisua. Asmane putrane putri loro: Kang pembajeng asma Merab lan kang wuragil Mikhal.
50 Garwane Sang Prabu asmane: Ahinoam, putrane Sang Ahimaas. Senapatine asma Abner, putrane Sang Ner, pamane Sang Prabu Saul.
51 Sang Kisy ramane Sang Prabu Saul lan Sang Ner, ramane Sang Abner, iku padha putrane Sang Abiel.
52 Salawase Sang Prabu Saul jumeneng nata tansah ana paprangan kang nggegirisi nglawan bangsa Filisti. Lan sakehe pahlawan sarta wong kang gagah prakosa padha kadadekake prajurite.