4 Nuju ing sawijining dina Elkana saos kurban, Penina bojone, anak-anake lanang-wadon padha diwenehi saduman.
5 Sanadyan Hana dikasihi, uga mung oleh saduman, awit Sang Yehuwah ora maringi anak marang dheweke.
6 Nanging marune tansah nglarakake atine kareben nepsu, amarga Sang Yehuwah nutup guwagarbane.
7 Kaya mengkono kang kelakon saben taun, saben Hana munggah menyang ing padalemane Sang Yehuwah, Penina nglarakake atine, Hana temah nangis lan emoh mangan.
8 Elkana, somahe nuli mituturi mangkene: “Hana, yagene kowe nangis lan apa sebabe kowe emoh mangan? Ajine awakku apa ora ngungkuli anak lanang sepuluh?”
9 Nuju ing sawijining dina sabubare padha mangan lan ngombe ana ing Silo, Hana banjur ngadeg, nalika Imam Eli pinuju lenggah ana ing kursi sandhing pipining lawang ing padalemane suci Sang Yehuwah,
10 lan kalawan ati kang sedhih Hana nyenyuwun marang Sang Yehuwah, kambi nangis senggrak-senggruk.