22 Mulane banjur neges marang Sang Yehuwah: “Punapa tiyangipun inggih mriki?” Sang Yehuwah paring wangsulan: “Lah wonge ndhelik ana ing antarane barang-barang.”
23 Wong banjur mlayu marani Saul diajak saka ing kono lan bareng Saul ngadeg ana ing satengahing bangsane, wong-wong dedege mung sapundhake.
24 Lan Nabi Samuel banjur ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Sawangen, wong kang kapilih dening Sang Yehuwah iku. Amarga saka sakehing bangsa iku ora ana wong siji bae kang madhani.” Wong sabangsa banjur padha surak-surak, unine: “Sugenga Sang Prabu!”
25 Nabi Samuel banjur ngandharake marang wong akeh bab wewenange karajan kang nuli katulisan ana ing piagem lan diselehake ana ing ngarsane Sang Yehuwah; sawise iku Nabi Samuel dhawuh marang wong sabangsa kabeh supaya padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
26 Sang Prabu Saul, uga kondur menyang ing daleme ing Gibea, kadherekake para wong gagah prakosa, kang diosikake atine, dening Sang Yehuwah.
27 Nanging ana wong dursila kang padha ngucap: “Wong iku mangsa bisaa mitulungi kita!” Iku padha ngremehake lan ora ngaturi pisungsung. Ewadene Sang Prabu Saul api-api ora miyarsa.