2 Nanging Sang Prabu Nahas, ratu ing Amon, paring pangandika marang wong iku: “Sarate anggonku gawe prajanjian karo kowe mangkene: saben wong mripate tengen bakal suncuplak; sarana patrap mangkono aku bakal gawe wirange sakehe wong Israel.”
3 Ature para tetuwane wong Yabesy: “Kawula nyuwun inah pitung dinten, supados kawula saged nyebar kengkenan dhateng sawewengkonipun Israel sadaya; manawi boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ngluwari kawula, kawula badhe medal asrah bongkokan dhumateng panjenengan dalem.”
4 Bareng para kongkonan tekan ing Gibea-Saul lan mratelakake prakara iku marang bangsa iku, bangsa iku nuli padha nangis kelara-lara.
5 Sang Prabu Saul lagi bae rawuh saka pategalan lan tindak nggiring sapine, tumuli ndangu: “Kena apa dene wong iku padha nangis?” Wong-wong banjur padha ngaturake pawartane wong ing Yabesy iku.
6 Bareng Sang Prabu Saul miyarsa pawarta mau, banjur katedhakan ing Rohe Sang Yehuwah, temah banjur muntab dukane.
7 Banjur mundhut sapi sarakit, ditengkel-tengkel; tengkelane diwaratakake lumantar para utusan ing sawewengkone Israel kabeh klawan piweling: “Sing sapa ora melu ndherek Sang Prabu Saul Lan Nabi Samuel, sapine bakal digawe kaya mengkene iki.” Sang Yehuwah banjur ndhatengake pagiris marang bangsa iku, temah padha bareng maju.
8 Nalika Sang Prabu Saul mriksa wadyabalane ing Bezek, tinemu ana wong Israel telung atus ewu lan wong Yehuda telung puluh ewu.