19 Ing sawarataning tanah Israel ora ana pandhe siji-sijia, amarga guneme wong Filisti: “Wong Ibrani aja ana kang bisa gawe pedhang utawa tumbak.”
20 Dadi wong Israel kabeh kepeksa marani wong Filisti, yen perlu ngasahake kejene, wadunge, kampake utawa arite, --
21 dene opahe tumrap kejen utawa wadung rong pratelon sekel, dene opahe ngasah pethel lan masang angkus sapretelon sekel. --
22 Temah nalika dinane peperangan mau ora ana kang duwe pedhang utawa tumbak, kang padha ndherek Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan. Mung Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, kang isih kagungan.
23 Lan wadyabala pangawale wong Filisti wus ana sapantha kang metu ing lowahane gunung ing Mikhmas.