5 Anadene wong Filisti wis padha ngumpul nedya nglurugi perang nglawan bangsa Israel. Karetane perang telung ewu, bala jaranan nem ewu lan prajurit dharat kehe kaya wedhi ing pinggiring segara, nuli mangkat nglurug lan ngadegake kemah ana ing Mikhmas, ing sawetane Bet-Awen.
6 Bareng bala Israel weruh, yen kejepit -- amarga wong-wong pancen kesuk -- wong-wong nuli padha mlayu ndhelik ing guwa, lowahan watu, gunung parang, erong watu lan ing sumur.
7 Malah ana wong Ibrani kang nyabrang ing bengawan Yarden ngener tanah Gad lan Gilead, dene Sang Prabu Saul isih ana ing Gilgal, rakyat kabeh padha ndherek kalawan giris.
8 Panjenengane ngentosi pitung dina nganti tumeka ing wektu kang wus katemtokake dening Nabi Samuel. Nanging bareng Nabi Samuel ora rawuh ing Gilgal, balane wiwit padha buyar, ninggal panjenengane.
9 Mulane Sang Prabu Saul ngandika: “Kurbane obaran lan kurbane kaslametan iku ajokna mrene marang ngarsaningsun.” Sang Prabu banjur saos kurban obaran.
10 Lagi bae rampung ngaturake kurban obaran, Nabi Samuel rawuh. Sang Prabu Saul methuk ngaturake pambagya wilujeng.
11 Nanging Nabi Samuel ngandika: “Panjenengan dalem nindakaken punapa?” Wangsulane Sang Prabu: “Sarehne kula ningali rakyat sami buyar nilar kula lan panjenengan boten rawuh ing wanci ingkang sampun katemtokaken, mangka tiyang Filisti sampun ngempal wonten ing Mikhmas,