1 Nabi Samuel matur marang Sang Prabu Saul: “Kawula sampun dipun utus dening Sang Yehuwah njebadi panjenengan dalem dados ratu ngereh Israel umatipun; milanipun mugi karsaa miyarsakaken dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah.
2 Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: Ingsun arsa males ukum marang bangsa Amalek, tumrap apa kang ditindakake marang wong Israel, yaiku anggone wong Amalek ngalang-alangi bangsa Israel, nalika lunga saka ing tanah Mesir.
3 Mulane saiki mangkata, wong Amalek iku telukna, apa kang tinemu ana ing wong-wong iku sirnakna sarta aja ana kang sira welasi. Wonge lanang, wonge wadon, bocah-bocahe lan pasusone, sapine lan wedhuse, untane lan kuldine, kabeh padha patenana.”
4 Sang Prabu banjur nimbali rakyat kadhawuhan nglumpuk lan banjur mriksa pabarisane ana ing Telaim: bala dharat ana wong rong atus ewu lan sapuluh ewu saka ing Yehuda.
5 Bareng Sang Prabu Saul wus rawuh ing kuthane wong Amalek nuli ndhawuhi para wadyabala supaya nyegat ing lebak.
6 Pangandikane Sang Prabu Saul marang bangsa Keni: “Padha lungaa, ngadoha, lan sumingkira saka ing satengahe wong Amalek, supaya kowe aja nganti padha daktumpes bareng karo para wong iku. Sira rak wus padha ngatonake pamitranira karo wong Israel, nalika padha lunga saka ing tanah Mesir?” Mulane wong Keni banjur padha sumingkir saka ing tengah-tengahe wong Amalek.
7 Sang Prabu Saul banjur nggepuk lan ngasorake bangsa Amalek wiwit saka ing Hawila tutug ing Syur ing sawetane tanah Mesir.