1 Samuel 15:12-18 JAV

12 Nabi Samuel wungu ing wayah bangun esuk sumedya manggihi Sang Prabu Saul, nanging Nabi Samuel diaturi pirsa mangkene: “Sang Prabu sampun tedhak dhateng Karmel kala wau lan sampun ngadegaken tugu pengetan kangge sariranipun; lajeng mengker tindak dhateng ing Gilgal.”

13 Bareng Nabi Samuel kepanggih karo Sang Prabu Saul, pangandikane Sang Prabu Saul marang Nabi Samuel: “Panjenengan binerkahana dening Sang Yehuwah; kula sampun ngestokaken dhawuhipun Sang Yehuwah.”

14 Nanging Nabi Samuel matur: “Manawi makaten kenging punapa kok wonten pangembeking menda lan pambengahing lembu ingkang kapireng ing kuping kawula?”

15 Wangsulanipun Sang Prabu Saul: “Sadaya punika anggenipun mbekta saking tanah Amalek, amargi para tiyang sami ngeman menda-menda lan lembu-lembu ingkang sae piyambak, niyatipun badhe kangge kurban sumaos dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, nanging salangkungipun sampun sami kula sirnakaken.”

16 Nabi Samuel ngandika marang Sang Prabu: “Inggih sampun: Kawula badhe ngaturaken pangandikanipun Sang Yehuwah dhumateng kawula kala wau dalu.” Pangandikane Sang Prabu marang Nabi Samuel: “Sumangga kadhawuhna.”

17 Sawuse iku Nabi Samuel matur: “Sanadyan panjenengan dalem piyambak sampun ngakeni alit, rak sampun kajunjung dados pangagengipun para taler Israel? Lan Sang Yehuwah rak sampun njebadi panjenengan dalem dados ratunipun bangsa Israel?

18 Sang Yehuwah sampun dhawuh nglurug dhateng panjenengan dalem, kanthi piweling: Sira mangkata, nglurugana wong kang padha nglakoni dosa iku, padha sirnakna, yaiku wong Amalek. Sira peranga nglawan wong-wong iku, iku padha sira tumpesa.