14 Nanging Rohe Sang Yehuwah wis nilar Sang Prabu Saul lan saiki panjenengane dibidhung dening roh ala utusane Sang Yehuwah.
15 Para abdine tumuli padha munjuk: “Kauningana, roh awon utusanipun Gusti Allah mbidhung panjenengan dalem.
16 Prayoginipun Gusti kawula ndhawuhana para abdi dalem ingkang sowan wonten ing ngarsa dalem, ngupados tiyang ingkang baud nylempung. Samangsa roh awon utusanipun Gusti Allah ndhatengi panjenengan dalem, tiyang wau kadhawuhana nylempung, supados panggalih dalem kraos tentrem.”
17 Sang Prabu Saul banjur dhawuh marang para abdi: “Ingsun golekna wong kang baud nylempung, timbalana sowan ana ing ngarsaningsun.”
18 Sawenehing abdine ana kang munjuk: “Sajatosipun kawula nate sumerep salah satunggaling anakipun Isai, tiyang Betlehem, ingkang pinter nylempung. Tiyang punika prawira gagah prakosa, satunggaling prajurit, ingkang pinter wicara, warninipun bagus, lan Sang Yehuwah nunggil kaliyan piyambakipun.”
19 Sang Prabu Saul banjur utusan wong menyang ing omahe Isai kanthi piweling: “Anakira Dawud, pangoning wedhus-wedhusira, konen seba marang ing ngarsaningsun.”
20 Isai banjur njupuk kuldi dimomoti roti, anggur saimpes, lan cempe siji, iku nuli diaturake marang Sang Prabu Saul lumantar Dawud, anake.