1 Samuel 16:2-8 JAV

2 Nanging Nabi Samuel munjuk: “Kados pundi anggen kawula badhe mangkat? Manawi Sang Prabu Saul mireng bab punika, temtu kawula dipun pejahi.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Nggawaa sapi nom lan tutura: Tekaku iki arep nyaosake kurban marang Sang Yehuwah.

3 Tumuli Isai undangen supaya nekani upacara pangurbanan iku lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, apa kang wajib sira lakoni. Banjur wong kang Suntuding iku jebadana kagem Ingsun.”

4 Nabi Samuel nuli nindakake apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, lan rawuh ana ing kutha Betlehem. Para tuwa-tuwane kutha kono methukake Nabi Samuel kanthi gumeter lan matur: “Rawuh panjenengan punika punapa kanthi raharja?”

5 Wangsulane Nabi Samuel: “Iya mangkono! Tekaku iki arep saos kurban marang Sang Yehuwah. Padha sesucia lan nekanana upacara saos kurban iki karo aku.” Nabi Samuel banjur nucekake Isai dalah anak-anake lanang sarta ngulemi wong-wong iku marang ing upacara saos kurban mau.

6 Bareng padha lumebu, Nabi Samuel mirsani marang Eliab banjur mosik: “Lah wong kang bakal jinebadan saiki ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.”

7 Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”

8 Isai nuli ngundang Abinadab lan dikon lumaku liwat ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki iya ora dipilih dening Sang Yehuwah.”